Basofil
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Basofil inggih punika salah satunggaling jinis leukosit ingkang wosipun lan saged ngeculaken histamin lan serotonin sadangunipun respon kekebalan badan.[1] Gunggungipun basofil mindhak nalika reaksi alergi.[1] Basofil punika granulosit kanthi gunggungipun ingkang paling sekedhik, inggih punika kinten-kinten 0,01 - 0,3% saking sirkulasi leukosit. Basofil gadhah kathah granula sitoplasma ingkang nutupi inti lan ngandhut heparin lan histamin.[2] Ing salebeting jaringan, basofil dados “mast cells” lan gadhah panggénan-panggénan kanggé nèmplekaken IgG lan degranulasinipun ingkang dipunhubungaken kaliyan prosès ngeculaken histamin.[2] Kagunan saking basofil inggih punika migunani nalika maringi tanggepan ing prastawa alergi.[2] Basofil gadhah sipat fagosit lan warninipun biru. Werni biru punika dipunjalari déning sèl basofil ingkang nyerep pewarna basa.[3]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |

Remove ads
Ugi pirsani
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads