Benjamin Harrison

From Wikipedia, the free encyclopedia

Benjamin Harrison
Remove ads

Benjamin Harrison (lair ing North Bend, Ohio tanggal 20 Agustus 1833 lan tilar donya ing Indiana tanggal 13 Maret 1901) punika présidhèn Amérika Sarékat ingkang kaping 23,[1] ingkang njabat ing taun 1889 ngantos 1893.[2] Sadèrèngipun ndhapuk présidhèn Amérika Sarékat, panjenenganipun minangka sénator ing Indiana. Harrison asalipun saking parté républik lan panjenenganipun minangka wakilipun présidhèn inggih punika Levi P. Morton.[3] William Henry Harrison, présidhèn Amérika Sarékat kaping sanga punika éyangipun Benjamin Harrison.

Sunyata Rikat Présidhèn Amérika Sarékat ke-23, Wakil Presiden ...
Remove ads

Karier

Sasampunipun wisudha saking sekolah kukum, panjenenganipun pindhah dhateng Indiana lan mbikak praktik kukum. Nalika ing Amérika Sarékat wonten perang sadhèrèk, Harrison nilaraken karir kukum lan pindhah minangka tamtama infanteri. Benjamin naté dipuncalonaken minangka Gubernur Ohio ing taun 1876, nanging boten kasil. Salajengipun, Harrison kadhapuk sénator Amérika Sarékat.[1] Taun 1889, panjenenganipun kapilih présidhèn Amérika Sarékat.[1] Harrison jumeneng présidhèn boten amargi menang swanten ing pamilihan, kepara nalika samanten panjenenganipun kalah. Nanging amargi panjenenganipun menang swanten ing Déwan Pamilih, satunggalipun badan ingkang nemtokaken sinten ingkang badhé présidhèn Amérika Sarékat.[1] Benjamin Harrison pikantuk 100 èwu swanten pamilih, ingkang cacahipun kalah saking mungsuhipun, nanging Harrison menang ing Déwan Pamilih kanthi 233 swanten, déné mungsuhipun namung pikantuk 169 swanten.[1]

Remove ads

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads