Bertrand Antolin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Bertrand Antolin (lair ing Jakarta, 14 Juli 1980; umur 45 taun).[1] Bertrand Antolin duwé katurunan Cina lan Prancis.[1] Bertrand Antolin nduwé awak kang dhuwuré 185 cm (6 ft 1 in).[1] Bertrand Antolin ing donyaning hiburan Indonesia, luwih ditepungi dadi présènter, juru main sinétron lan juru main filem.[1] Saliyané iku, Bertrand Antolin uga ditepungi dadi modhèl.[1]
Remove ads
Karir
Bertrand Antolin wiwit ditepungi nalika dadi présènter ing acara Clear Top 10 bareng karo Dewi Sandra.[1] Sinétron kang sangsaya nggawé jenengé misuwur ya iku sinétron kanthi jeneng Sephia.[1] Bertrand uga tau akting ing layar amba lumantar filem kang judhulé Apa Artinya Cinta?.[1] Nalika taun 2009, Bertrand Antolin nggawé single kang sepisanan. Single iki duwé judhul "Bubar".[1] Single kang sepisanan digawé Bertran iki tau éntuk top 20.[1]
Film kang tau dibintangi Bertrand Antolin ya iku filem kang judhulé Apa Artinya Cinta.[1] Ing filem iki, Bertrand Antolin main karo Samuel Rizal lan Shandy Aulia.[1] Saliyané main filem, Bertrand Antolin uga main sinétron.[1] Sinétron kang tau dibintangi ya iku sinétron kang judhulé Aku Bukan Untukmu, Pangeran Kampus, Itu Kan Cinta, Dara Manisku, lan liya-liyané.[1]
Mantan pacar Dhini Aminarti iki tau digosipaké pacaran tunggal jinis ya iku karo aktor Indra L Bruggman.[1] Leloroné uga digosipaké nikah ing Walanda.[1] Nanging Betrand apa déné Indra nerangaké yèn pawarta iku ora bener.[1]
Suwé ora tau ngetok ing tivi, nalika September 2009, Bertrand Antolin nggawé single kang sepisanan.[1] Single iki judhulé Bubar. Iki mratandhakaké Bertrand Antolin uga ngrembakakaké kariré kanthi nyanyi.[1] Fans-fans Bertrand Antolin kang kangen ndeleng aktingé Bertrand ing tivi padha seneng nalika Bertrand main manèh ing sinétron kang judhulé "Aura".[1]
Kanggo njaga awaké supaya ora lemu,[2] Bertrand Antolin kang nalika cilik seneng mangan babi saiki wis ora tau mangan babi nalika riyaya dina Imlek.[2]
Remove ads
Filmografi
Film kang dibintangi Bertrand Antolin.[1]
- Apa Artinya Cinta?
Sinétron
Sinétron kang dibintangi Bertrand Antolin.[1]
- Sephia
- Cowok Komersil
- Dara Manisku
- Impian Cinderella
- Bukan Diriku
- Liontin 2
- Aku Bukan Untukmu
- Maha Cinta
- Hikayah
- Rahasia Pelangi
- Ganteng-Ganteng Serigala
FTV
FTV kang dibintangi Bertrand Antolin.[1]
- Siapa Takut Jatuh Cinta
Diskografi
Album kang digawé Bertrand Antolin.[1]
- Bubar, Single (2009 - 2010)
Cathetan sikil
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads