Blaise Pascal

From Wikipedia, the free encyclopedia

Blaise Pascal
Remove ads

Cithakan:Eponim ékan

Sunyata Rikat Lair, Pati ...
Thumb

Blaise Pascal (lair ing Clermont-Ferrand, Prancis, 19 Juni 1623  pati ing Paris, Prancis, 19 Agustus 1662 ing umur 39 taun) asalé saka Prancis. Minat mligi ya iku filsafat lan agama, éwadéné hobi liyané ya iku matématika lan géomètri proyèktif. Bebarengan karo Pierre de Fermat nemu téyori ngenani probabilitas. Nalika awalé minat risèté Pascal luwih akèh ing babagan èlmu kawruh lan èlmu terapan, ing ngendi dhèwèké wis kasil ngripya mesin pangétung kang ditepungi pisanan. Mesin iku mung bisa ngétung.

Remove ads

Riwayat Urip

Blaise Pascal lair tanggal 19 Juni 1623 ing Clermont-Ferrand, Prancis.[1] Blaise wiwit cilik ditepungi minangka sawijining bocah kang lantip senajn dhèwèké ora nempuh pendhidhikan ing sekolah kanthi resmi.[1] Ing umur 12 taun, dhèwèké wis bisa ngripta sawijining mesin pangétung kanggo mbantu pegawéyané bapané.[2] Jeneng bapané ya iku Étienne Pascal.[3] Bapané iku sawijining petugas panarik pajeg kang nyambut gawé ing tlatah Auvergne, Prancis.[1] Wiwit umur patang taun Blaise wis kélangan ibuné.[3] Karya-karyané terus tambah wiwit saka ngrancang yasan segienem (hexagram), nemu prinsip makarya barometer, sistem makarya jam, nganti mèlu sajeroning panggawéyan sistem transportasi ngisor lemah kutha Paris.[2]

Awalé Paskal ora duwé minat marang prakara-prakara kang gegandhèngan karo agama.[2] Dhèwèké banjur ngalami prastawa patobatan nalika umur 23 taun.[2] Wiwit prastawa iku, Paskal banjur ngowahi pola uripé kanthi sregep sembayang lan pasa.[2] Ora mung iku, dhèwèké malah mèlu nggabung karo komunitas biara Port-Royal kang alirané Jansenisme.[2] Sedulur wadoné kang jenengé Jacqualine iku sawijining biarawati ing biara iku.[2] Paskal tau nyatakaké kritiké marang Ordo Yesuit liwat tulisan-tulisané kang misuwur,Lettres provinciales kang ditulis taun 1656.[1][4] Miturut dhèwèké, ajaran-ajaran Yesuit wis ngasoraké pangaji-pangaji agama mligi ngenani anugrah.[3] Golongan Yesuit uga dibiji kalonggaren sajeroning babagan moral lan akibaté kakristenan dadi kadonyan.[1] Dhèwèké ninggal tanggal 9 Agustus 1662 ing umur 39 taun tanpa jalaran pati kang cetha.[2]

Remove ads

Pamikiran

Le Coeur

Le Pari

Karya-karya

Réferènsi

Uga delengen

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads