Cinderella (film 2015)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Cinderella iku filem katresnan fiksi Inggris kang digawé déning Kenneth Branagh, lan naskah dianggit déning Chris Weitz. diprodhuseri déning David Barron, Simon Kinberg lan Allison Shearmur kanggo Walt Disney Pictures, crita filem iki dijupuk saka dongeng Cinderella anggitané Charles Perrault, lan migunakaké jeneng-jeneng watak saka filem Walt Disney ing taun 1950 kanthi sesirah kang padha.
Filem iki diparagani déning Cate Blanchett minangka Lady Tremaine (ibu kuwalon kang kejem) karo Lily James minangka paraga utama Ella ("Cinderella"), Richard Madden minangka pangéran kang bagus, Sophie McShera minangka Drizella, Holliday Grainger minangka Anastasia lan Helena Bonham Carter minangka ibu peri.
Filem iki digawé ing 13 Maret 2015 ing Amérikah Sarékat.[4]
Remove ads
Lakuné Crita
Crita dhedhasar filem animasi Disney taun 1950, kanthi sawenèh besutan. Ing versi iki, Cinderella lan pangéran bagus wis ketemu sadurungé pesta dansa ing puri. Nalika iku, pangéran mratelakaké menawa dhèwèké sawijining pegawé kaya umumé ing puri.[5] Ibu peri duwéni jejibahan kang luwih gedhé ing filem iki tinimbang ing filem sadurungé, amarga dhèwèké wiwitané nyamar minangka wong ngemis kang wis tuwa lan tansah ngawasi Cinderella sadurungé dhèwèké mratelakaké menawa dhèwèké iku ibu peri.[6]
Crita filem iki nyritakaké ngenani Ella, kang didadekake babu déning ibu kuwalone dhéwé. Sawisé bapaké séda, tumindaké ibu lan saduluré kuwaloné sansaya ndadi. Ella kang didadekaké babu, uga diganti jenengé Cinderella. Ella lunga ing alas lan ketemu wong kang durung ditepung. Dhèwèké ora nggraita menawa wong kasebut iku sawijining pangeran. Nalika puri ngirim ulem kanggo kabèh bocah wadon, Cinderella uga ngarepaké bisa ketemu karo pangéran manèh.
Remove ads
Paraga
- Cate Blanchett minangka Lady Tremaine (Ibu kuwalon)
- Lily James minangka Ella ("Cinderella")
- Eloise Webb minangka Ella Cilik
- Richard Madden minangka Kit
- Helena Bonham Carter minangka Ibu peri
- Holliday Grainger minangka Anastasia
- Sophie McShera minangka Drizella
- Stellan Skarsgard minangka Grand Duke
- Nonso Anozie minangka Kapten
- Derek Jacobi minangka Raja
- Hayley Atwell minangka ibuné Cinderella
- Ben Chaplin minangka Bapaké Cinderella
Remove ads
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads