Coccinella transversalis

From Wikipedia, the free encyclopedia

Coccinella transversalis
Remove ads

Coccinella transversalis ya iku spésiès kumbang koksi kang tinemu ing Asia Kidul, Asia kidul wétan nganti Australia.[1]. Jeneng kumbang iki asring klèru karo Coccinella transversoguttata kang tinemu ing Eropah lan Amérika lor.

Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...

Kéwan iki wiwitan dironcé déning ahli zoologi Dhènemarken Johan Christian Fabricius ing taun 1781.

Dawané 3,8-6,8 mm lan sanajan sebarané banget ambané, nanging variasi wernané ora akèh. Lumrahé endhasé warna ireng lan suwiwiné warna abang utawa oranye kanthi tengeran ireng cacah loro[2].

Kayadéné lumrahé kumbang koksi, Coccinella transversalis wigati tumrap kridha tani, amarga mangan warna-warna kéwan gegremetan cilik kang dadi ama tetuwuhan mligi ing wiwitan nandur.[3]. Kéwan gegremetan kang dadi pangané kaya ta tuma godhong (afid).

Remove ads

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads