Cucak kuning
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Cucak kuning (Pycnonotus melanicterus) ya iku jeneng sajinis manuk ocèhan saka suku Pycnonotidae. manuk iki uga dikenal umum minangka kutilang emas, pecampeor (Sd.) utawa tempuruk kunyit (Mly.). jeneng ngèlmiahé ya iku Pycnonotus melanicterus (Gmelin, 1789). Sawentara sajroné basa Inggris karan Black-crested Bulbul, ngrujuk marang jambulé kang ireng. Cacahé cucak kuning dingertèni saya sithik.[1]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Remove ads
Taksonomi
Sepèsiyès iki duwé ras kang tenggorokané abang dispar kang kasebar ing Sumatra, Jawa, lan Bali. Nanging, ras Kalimantan kang tenggorokane kuning, montis kasebar ing Kalimantan. Pira-pira nimpuna manuk mérang wujud tenggorokan abang kanthi kapisah minangka sepèsiyès dhéwé cucak dlima (Pycnonotus dispar), wondéné tenggorokan kuning minangka Pycnonotus montis.[2]
Dhèskripsi

![]() |
|
Ana masalah nalika muter barkas iki? Waca pitulung médhiya. |
Manuk iki ukurané sedheng, rada cilik lan ramping (18 cm). Sisih awak ndhuwuré warnané ijo jaétun, sisih ngisor warnané kuning. Endhas warnané ireng, kanthi warna abang ing tenggorokan (kajaba ras Kalimantan kang warnané kuning). Cucuk lan sikilé ireng.[3] Irisé warnané rada abang utawa putih.[4]
Remove ads
Sebaran lan dunungé
Cucak kuning nyebar ing India, Cina pérangan kidul, Asia Kidul-wétan, Sumatra, Kalimantan, lan Jawa.[4] Lumrahé, ing Sumatra tinemu ing dataran endhèk lan pabukitan nganti ing 1.200 m. Ing Jawa, lumrahé tinemu ing pérangan kulon lan kidul, ing alas dataran endhèk nganti 1.500 mèter. Ing Kalimantan, dhèwèké luwih umum tinemu ing gunung-gunung, kaya ta Gunung Kinabalu, Kayan Hulu, nganti Liang Kubung.[3] Ocèhané apik banget,[5] ribut, lan banter, “hii-tii-hii-tii-wiit” kanthi nada pungkasan mudhun.[2] manuk iki diintrodhuksi marang Singapura.[1]
Solah
Rada isinan, seneng ing rerungkudan lan wit-witan dhuwur ing pinggir alas lan alas sèkundhèr. Kadhang-kadhang mangan gegremet, nanging racaké seneng nggolèk woh-wohan. Ngedegaké jambul nalika jèngkèl.[2]
Susuh cucak kuning dilapuraké gedhé, wujudé kaya cawan rapi[6] kang legok lan ana ing pucuké tunggul wit kang cilik utawa ing pang wit, digawé suket kakraketaké ing garagati. Endhogé loro lan warnané putih rada abang, kaya warna lemah lan pating trutul.[7] Cucak kuning kawin ing wulan Agustus.[6] Ing conto susuh liyané, dingertèni yèn susuhé uga digawé saka godhong kang wis garing lan ing ngisoré susuh digawé saka bogol godhong.[7]
Remove ads
Kaprelon lan sajroné kabudayan
Kuthilang emas bisa didadèkaké manuk master kang favorit kanggo murai batu. Ocèhané kang éndah lan rada monoton ndadèkaké dhèwèké bisa ditiru murai batu. Anata suwara kang dimaksud ya iku suwara kristal lan tembakan-tembakan. Ing habitat asli, cucak kuning iki ya iku salah-siji manuk kang seneng ngoceh lan bisa ngrangsang murai batu ngocèh.[8]
Émané, manuk iki amung didadèkaké rerenggan omah. Anata Jawa Kulon lan Jakarta wis langka lomba cucak-cucakan utawa kethilang. Saliyané iku, manuk iki uga kurang diminati. Mangka saka iku, regané ora bisa apik kaya manuk liyané.[5]
Remove ads
Cathetan sikil
Bacaan lanjutan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads