Curling
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Curling inggih punika ulah raga ngluncurakè watu ing inggil lumah es ngantos ing laladan sasaran. Ulah raga punika kanthi resmi sampun dados cabang ulah raga Olimpiade ngantos 1998. Permainan curling taksih gègayutan kaliyan boling, boules, lan shuffleboard. Kalih regu ingkang sabén-sabén kapèrang dados sèkawan juru main kanthi bergantian ngluncurakèn batu granit nuju laladan sasaran ingkang dipunsebat house. Laladan sasaran (house) wonten ing sisih lintasan ingkang berseberangan, lan dipuntitiki kaliyan lingkaran ingkang gadhah warni abrit lan biru. Lapangan permainan dipunsebat sheet, wujud ingkang dipunmainakèn ing lintasan persegi panjang ingkang gadhah lumah berlapis es ingkang mulus. Batu granit ingkang dipunmainakèn inggih punika batu granit ingkang sampun dipunpoles, pramila saged dipunluncuraknè ing inggil lumah es kaliyan cara didorong. Batu dipunparingi warna bèntèn kanggé bèntenaken batu piyambak kaliyan batu nggadahanipun lawan. Sètunggal regu angsal 8 batu kanggé sètunggal babak (end). Ancasipun permainan inggih punika ngèmpalakèn angka ingkang kathah. Angka dipundapat déning regu ingkang gadhah batu ingkang cérak kaliyan titik pusat house ing pungkasan sabén babak (ketika sadaya batu sumpun telas dipunluncuraken). Ing usaha mendominasi house kaliyan batu nggadahanipun piyambak, batu gadhah lawan saged dipunbentur ngantos terdorong medal saking house. Ketika batu sampun dipunlepasaken déning rekan satunggal regu, kalih juru main ingkang mbeta sikat (sapu) gadhah tugas ngarahaken batu nuju sasaran kaliyan cara nggosokaken sikat ing ngajeng jalur ingkang badhé dipunlampahi batu. Permukaan es manawi dipunsikat badhé ndamel batu meluncur langkung tebih utawi sakedhik nguwahi arah batu.



Permainan punika mbetahaken strategi ingkang matang, dipunmainakrn kanthi bergiliran kaliyan tempo ingkang santai, pramila sami kaliyan catur lan bisbol.[1]
Remove ads
Asal usul lan sajarah
Permainan curling dipunperkirakaken sampun dipunciptaaken ing pungkasan Abad Pertengahan ing Sekotlan. Catatan kaserat kawiwitan babagan permainan batu ing inggil es inggih punika dhokumèn kagunganipun Biara Paisley ing Renfrewshire saking wulan Fèbruari 1541. Kalih lukisan karya Pieter Bruegel Senior ("Hunters in the Snow" lan "Winter Landscape with a Bird Trap", kalihipun asalipun saking taun 1565) nggambaraken wong tani penggarap ing Walandi manawi main curling. Ing masa punika Sekotlan lan Negeri-nagari Rendah sampun gadhah gegayutan perdagangan lan budaya ingkang kiat, kados ta ugi kabukti ing salebeting sajarah golf. Permainan curling sampun wonten ing Sekotlan ing wiwit abad kaping 16, dhedhasar kapanggih bukti sebuah batu curling kaserat taun 1511 (kapanggih sami sebuah batu sanès kaserat taun 1551) ing sebuah kolam tuwa ingkang dipunkuras ing Dunblane, Sekotlan. Klub Curling Kilsyth ngklaim minangka klub curling kawiwitan ing donya. Klub ingkang madeg kanthi resmi ing taun 1716 punika taksih wonten ngantos sapunika.[2] Kota Kilsyth ugi mbanggakan sebuah kolam ing Colzium ingkang diyasa kanthi mliginipun kanggé main curling. Sebuah dam cendhèk dipunyasa kanggé ndamel sebuah kolam dangkal berukuran 100 × 250 mèter, manawi sakpunik jarang saged dipun-ginakaken kanggé curling amargi mangsa dingin ingkang anget.
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njaba
Gladri
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
