Cut Mini Theo

From Wikipedia, the free encyclopedia

Cut Mini Theo
Remove ads

Cut Mini Theo kang asring diundang Cut Mini (lair ing Jakarta, 30 Dhésèmber 1973; umur 51 taun) iku salah siji panatacara, bintang sinétron, lan juru main filem kang asalé saka Indonesia.[1]

Sunyata Rikat Lair, Bangsa ...
Thumb
Cut Mini Theo
Remove ads

Karir

Cut Mini miwiti karire wiwit umur 15 taun.[1] Nalika iku dhèwèké dadi foto modhel ing salah sijiné kalawarti remaja.[1] Cut Mini Theo iku anak saka pasangan alm. T. Usman Abdullah lan Cut Dermawan kang asalé saka Acéh.[1] Cut Mini wiwit main filem nalika ditawani main ing sinétron "Catatan Si Boy".[1] Jeneng Cut Mini wiwit misuwur nalika dhèwèké dadi modhél ing video klip penyanyi Andre Hehanusa.[1]

Nalika Cut Mini lagi ngrintis kariré dadi presenter, dhèwèké ditawani dadi presenter karo Malaysia.[1] Suwéné sangang sasi, Cut Mini ing Malaysia dikontrak karo salah sawijiné rumah produksi kang duwé kerjasama karo TV3 kanggo main ing sinétron-sinétron kang dibintangi 7 juru main saka 7 nagara kaya ta Brunei, India, Singapura, Malaysia, Vietnam.[1]

Sawisé mbalik ning Indonesia, Cut Mini wiwit cedhak karo P Project.[2] Nalika cerak karo P Project, Cut Mini banjur ditawani karo salah sijiné stasiun tivi kanggo nggawé acara komedi kang témané "Sang Prabu".[2] Ing acara iki Cut Mini éntuk peran dadi wong Melayu, lan saka acara iki Cut Mini banjur dikenal dadi komedian.[2] Cut Mini dadi anak pungkasan sak pitu sadulur.[2] Cut Mini aktif dadi presenter kaya ta ing acara Telkomania lan Berita Selebritis (Betis).[2] Sinetron kang tau dibintangi Cut Mini ya iku "Kejarlah Daku Kau Kutangkap", "Gara-Gara Inul", "Kiri Istri Kanan Mertua", "Olga", lan "Permata Hati".[2] Cut Mini lulus kuliyah saka Sastra Jepang.[2] Dhèwèké nduwé awak kang dhuwuré 165 cm (5 ft 5 in) lan aboté 50 kg (110 lb).[2] Saka filem kang sepisanan dibintangi ya iku "Arisan" jenengé dadi saya misuwur.[2] Nalika taun 2000, Cut Mini nikah karo Muhamad Safril utawa kang biyasa diarani Mago.[2]

Remove ads

Filmografi

Film kang atu dibintangi Cut Mini Theo.[1]

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads