David Luiz
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
David Luiz (lair 22 April 1987) utawa kang duwé jeneng dawa David Luiz Moreira Marinho iku salah siji juru main bal-balan kang asalé saka Brasil, lan saiki dhèwèké ana ing Chelsea F.C., Liga Utama Inggris.[1] Dhèwèké anggoné bal-balan iku dadi bèg tengah, saliyané iku uga bisa dadi bèg kiwa utawa tengen.[1]
David Luiz lair ing Diadema, São Paulo, Brasil. David Luiz mèlu ing Esporte Clube Vitória nalika umur 14 taun. Sadurungé dhèwèké ana ing São Paulo FC, nalika bal-balan dhèwèké wiwitane dadi glandhang bertahan utawa midfilder. David Luiz banjur dadi bèg tengah lan bisa trampil lan anggoné bal-balan apik nalika dadi bèg tengah.[1] Luiz lumebu kanthi resmi ing Esporte Clube Vitória wiwit taun 2006, menag mungsuh Santa Cruz Futebol Clube ing Copa do Brazil.[1]
Ing tingkat paling èlèk, ya iku divisi telu, Davis Luiz bisa nggawa Esporte Clube Vitória munggah ing divisi loro lan olèh juwara loro.[1] Ing tanggal 31 Januari 2007, Luiz gabung karo Sport Lisboa e Benfica. Ing taun kang pisannan ing Benfica, dhèwèké anggoné bal-balan ora bisa kanthi luwes lan prigel kaya lumrahé. Nalika ing Piala UEFA mungsuh Paris Saint-Germain ing Parc des Princes, dhèwèké karo Anderson dadi bèg tengah, nggantikake Luisao kang lagi lara. S.L. Benfica kalah 2-1, nanging maju ing babak teruse. amarga menangjumlahe gol.[2] Tanggal 31 Januari 2011, David Luiz mèlu ing Chelsea F.C. kanthi prabeya € 25 yuta, suwéné limang taun kontrak. Dhèwèké pisanan mèlu bal-balan resmi ing Chelsea nalika tanggal 6 Fèbruari, ngganteni José Bosingwa.[2]
Remove ads
cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads