Demi Moore

From Wikipedia, the free encyclopedia

Demi Moore
Remove ads

Demi Moore (lair 11 Novèmber 1962; umur 62 taun, jeneng asline Demi Gene Guynes) ya iku aktris Amérikah Sarékat, Kariré ora namung dadi aktris, uga dadi bintang model lan prodhuser filem.[1] Debut aktingé diawali nalika dhèwèké main akting dadi Rock Temptress ning filem IT'S NOT A RUMOR taun 1980, lan perané nalika dadi Molly Jensen ning filem kang judhulé GHOST kang diputer taun 1990, pangalaman ning filem iki dadi pangalaman kang melegenda kanggo dhewekié.[1]

Sunyata Rikat Asma wiyosan, Miyos ...

Moore iku bebrayanan karo aktor enom kang jenengé Ashton Kutcher kang duwé umur luwih enom 16 taun saka dhèwèké.[1] Bebrayanan karo Aston Kuther iki parkawinané kang kaping telu, sawisé bebrayanan karo aktor Bruce Willis lan musisi rock Freddy Moore, kanthi cara cerai.[1] Moore lan Kutcher kanthi saiki durung duwé anak, nanging saka parkawinané karo Willis, dhèwèké duwé anak wadon telu.[1]

Ning umuré kaping 48 taun, Moore anggawe filem kang judhulé, MAGIC MIKE.[2] Film iki digarap bareng karo Steven Soderbergh.Kanca kang dadi tokoh baku ning fil iki ya iku Alex Pettyfer kang umuré esih enom.[2] Carita saka filem iki diangkat saka kisah uripé Channing Tatum sadurungé dadi aktor Hollywood.[2] Miturut kisah kang ana, filem mau caritané babagan Channing, kang bakal diperanaké déning Alex Pettyfer.[2] Channing kang tau dadi penari bugil sadurungé dadi aktor ning Hollywood.[2]

Remove ads

Réferènsi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads