Dham-dhaman
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Dham-dhaman inggih punika salah satunggaling dolanan tradhisional kanggé laré alit utawi ném. Dham-dhaman mèmper kaliyan dolanan catur, bédanipun papan ingkang dipun-ginakaken. Dolanan catur sampun wonten papanipun, warna papanipun kothak-kothak pethak kaliyan cemeng, nanging manawi papan dham-dhaman boten temtu. Papan dham-dhaman asring dipundamel kanthi nggambar papan rumiyin sadèrèngipun dolanan. Adatipun dipungambar wonten mestèr. Anggénipun nggambar papanipun ngginakaken kapur tulis. Papan dham-dhaman ugi boten namung kothak-kothak kemawon, nanging wonten garis-garis cabang minangka arah anggènipun dolanan. Dolanan Catur ugi sampun wonten patung-patungipun, manawi Dham-dhaman adatipun ngginakaken watu ireng utawa gendhèng ugi saged ngginakaken watu gamping.
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads