Dhosèn
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Dhosèn inggih punika salah satunggaling pendhidhik ingkang profésional lan minangka satunggaling ilmuwan kanthi gadhah tugas ingkang paling wigati inggih ppunika kanggé nyluraken, ngrembakakaken, lan nyebarakaen ngèlmu kawruh, tèknologi, saha seni kanthi biyantuwanipun babagan pendhidhikan, panaliten, saha kanggé ngabdi dhateng masarakat.[1][2].

Remove ads
Profési Dhosèn
Profesi dhosèn inggih punika minangka satunggaling babagan padamelan ingkang mirunggan ingkang dipuntindakaken dhedhasar prinsip- prinsip ingkang kados makaten:
- Gadhah bakat, minat, panggilan jiwa, saha idealisme;
- Gadhah komitmen kanggé ningkataken mutu pendhidhikan, iman, takwa, saha akhlak ingkang mulya.
- Gadhah kualifikasi akademik lan dhasaring pendhidhikan ingkng jumbuh kaliyan babagan tugasipun.
- Gadhah kompetensi ingkang dipunbetahaken jumbuh kaliyan ingkang dados tugasipun.
- GAdhah tanggel jawab saking lampahing tugas kaprofesionalanipun;
- Pikantuk asil ingkang sampun dipuntemtokaken kados prestasi kerja ingkang sampun dipuntindakaken;
- Gadhah kalodhangan kanggé ngrembakakaken kaprofesionalan kanthi terus - terusan kanthi sianu ing sadangunipun gesang.
- GAdhah jaminan lindhungan saking kukum kanggé nindakaken kaprofesionalanipun;
Dhosèn wajib gadhah kualifikasi akademik, kompetensi, sertifikat pendhihdik, séhat jasmani lan ruhani, saha saged njangkepi kualifikasi sanèsipun ingkang dipundadosaken sarat ékan pendhidhikan tinggi wonten ing papan tugasipun, saha gadhah kaprigelan kanggé mujudakken ancasing pendhidhikan nasional.
Remove ads
Kwalifikasi Akadhemik
Dhosèn kedah gadhah kualifikasi akademik ingkang dipunpikantuk saking pendhidhikan tinggi ing program pascasarjana ingkang sampun gadhah akreditasi jumbuh kaliyan babagan ahlinipun piyambak, minimum:
Sertifikasi Dhosèn
Sertifikat pendhihdik inggih punika minangka bukti formal minangka satunggaling wujud pengakuan ingkang dipunparingaken dhateng dhosèn minangka tenaga profésional, ingkang dipunparinagken sasampunipun njangkepi sadaya sarat kados makaten:
- Gadhah pengalama kerja minangka pendhidhik wonten ing perguruan tinggi paling sakedhik kalih taun.
- GAdah kalungguhan akademik paling andhap dados asistèn ahli; lan
- Lulus sertifikasi ingkang dipuntindakaken déning perguruan tinggi ingkang sampun pikantuk akreditasi ingkang saé ingkang ngawontenaken program ngawontenaken pelatihan tenaga kependhidhikan wonten ing perguruan tinggi ingkang sampun dipuntemtokaken déning pamarèntah Républik Indonésia.
Jabatan/Pangkat Dhosèn
Ing ngandhap punika inggih wonten jenjang kalungguhan/ pangkat saking dhosèn [3] lan punika supados saged dipunangkat wonten ing saben jabatanipun lan pangkat kasebat dhosèn ingkang dipuntuju kedah njangkepi cacahipun angka kredit ingkang dipunmaksud.
Remove ads
Ugi pirsani
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
