Djohan Effendi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Djohan Effendi (lair ing Kandangan, Hulu Sungai Kidul, 1 Oktober 1939 – pati ing Geelong, Victoria, 17 Novèmber 2017 ing umur 78 taun) inggih punika mantri sekretariat nagara Kabinèt Persatuan Nasional wekdal pamaréntahanipun Présidhén Abdurrahman Wahid.[1] Sasampunipun lulus saking pendidikan dhasar, kanthi beaya ikatan dhinas pamaréntah, Djohan nglajengaken pendidikanipun dhateng Pendidikan Guru Agama (PGA) ing Banjarmasin.[1] Sasampunipun punika, Djohan nglajengaken studi dhateng Pendidikan Hakim Islam Negeri (PHIN) Yogyakarta.[1] Wonten ing Yogyakarta, miwiti sinau polemik filosofis antawisipun Al-Ghazali lan Ibnu Rusyd.[1] Panjenenganipun mikiraken sawatawis konsèp kaimanan ingkang abstrak, kados kaabadian alam, kabebasan manungsa, kakuasoan Gusti.[1]
Salulusipun saking PHIN, Djohan naté dados pegawé Dhepartemen Agami ing Amuntai, Kalimantan Kidul.[1] Salajengipun Djohan pikantuk tugas sinau ing Fakultas Syariah IAIN Sunan Kalijaga Yogyakarta.[1] Kalodhangan punika dipun-ginakaken kanggé nyinaoni kajian tapsir.[1] Wekdal taksih mahasiswa Djohan ndhèrèk organisasi kemahasiswaan, kados Himpunan Mahasiswa Islam (HMI).[2] Nanging ing taun 1969, Djohan medal saking organisasi wau.[1]
Sasampunipun lulus saking IAIN kalih taun salajengipun, Djohan nyambut damel ing Sekretariat Jenderal Dhepartemèn Agami.[1] Salajengipun Djohan pinitados dados staf pribadi Mantri Agama Mukti Ali.[1] Gangsal taun dados staf mantri, Djohan naté nyambut damel ing Sekretaris Nagara.[1] Ing Setneg, Djohan mligi mbiyantu nyusun teks sesorah (pidato) tilas Présidhén Soeharto.[1]
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads