Edward VII
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Edward VII (Albert Edward) (9 Novèmber 1841-6 Mèi 1910) punika ratu ing Krajan Manunggal Britania Agung lan Irlan. Edward punika putranipun Rani Victoria I. Panjenenganipun dados Raja Inggris tanggal 22 Januari 1901 nggantosaken ibunipun, Rani Victoria. Panjenenganipun punika nata Inggris pisanan saking Wangsa Saxe-Coburg lan Gotha, ingkang namanipun lajeng dipunéwahi dados Wangsa Windsor déning putranipun George V.
Edward gadhah prabawa salebetipun modhèrnisasi Armada Wadaya Sagara Inggris, réformasi Layanan Medhis Wadya Dharat Inggris,[1] sarta réorganisasi prajurit Inggris sasampunipun rampungipun Perang Boer Kaping Kalih. Panjenenganipun kasil ngembangaken gegayutan saé antawisipun Britania Agung lan nagari-nagari Éropah sanèsipun, mliginipun kaliyan Prancis, saéngga panjenenganipun dipunjuluki Peacemaker. Éwadéné makaten, gegayutanipun kaliyan ponakanipun Wilhelm II saking Jerman boten lumampah kanthi saé.
Remove ads
Réferènsi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads