Februari 2008

From Wikipedia, the free encyclopedia

Februari 2008
Remove ads

29 Fèbruari 2008 – Penulis Amérika Sarékat asal Bèlgi, Misha Defonseca, ngakèni manawi buku karanganipun prakawis pengalamanipun minangka kurban Perang Donya II: Misha: A Memoire of the Holocaust Years namung damel-damelan kémawon utawi fiksi. (sumber)

27-Ing pungkasaning taun 2008, PBB nginten manawi sepalih utawi 50% sing ndunungi donya bakal manggèn wonten kitha-kitha. (sumber)

23-Muhammad Ismail, manten Gubernur Provinsi Jawa Tengah mangsa bekti 1983-1993, séda ing Semarang.

Thumb
Fidel Castro

19-Fidel Castro mundur dhiri saking jabatanipun minangka Présidhèn Kuba, lan dipun-gantos déning rayinipun, Raul Castro. (sumber)

17-Parlemen Kosovo proklamasi kamardikan nagara punika saking Serbia. Proklamasi punika dipun-sekuyung Amérika Sarékat saha sawatara nagari Uni Éropa. Nanging Ruslan boten sarujuk lan bokmanawi badhé mbales mawi ngakèni kamardikan Abkhazia saha Ossetia Kidul

Thumb
Ramos Horta

11-Présidèn Timor Wétan (basa Portugis Timor Leste); Ramos Horta dipun-témbak, nanging taksih gesang.

7-Warsa Enggal Imlèk 2559. Sugeng Warsa Enggal! 恭喜發財 Gōngxǐ fācái. Mugi-mugi kathah rejeki!

6-Dinten Riyadi Rebu Awu kanggé umat Kristen.

3-Musyawarah Kerja Nasional PKS (Parté Keadilan Sejahtera), satunggaling parté pulitik Islam Indonésia, ingkang dipunwontenaken ing Bali nalika ngriyayakaken Kuningan, wiwit tanggal 1 Fèbruari, sapunika rampung. (sumber)

2-Dinten Riyadi Kuningan kanggé umat Hindhu Indonésia ing warsa 1929 Saka.

1-Jakarta sacelakipun Ratan Gatot Soebroto lan Grogol macet total, amargi ratan ngajengipun Universitas Trisakti ing Grogol kabanjiran. Papan Anggegana Internasional Soekarno-Hatta ing Cengkareng ugi lèmpoh, atusan maskapé dados kasèp.(sumber)

Katerangan liyané Dasawarsa, Taun : ...
Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads