Flagellata

From Wikipedia, the free encyclopedia

Flagellata
Remove ads

Flagellata yaiku jinis Protozoa kang obahé nganggo flagela kang jumlahé siji utawa luwih. Flagela iku dhapuré wujud pecut.[1] Didelok saka dhapuré, Flagellata dikelompokaké dadi loro, yaiku kang dhapuré wujud tuwuhan, dijenengi fitoflagelata kang duwé klorofil lan duwé sipat fotosintetik, tuladhané yaiku Euglena. lan kang dhapuré wujud kéwan karan zooflagelata, ora duwé klorofil lan sipaté heterotrof, tuladhané yaiku Trypanosoma.[1]

Thumb
Haeckel Flagellata
Thumb
Parassita (Giardia lamblia)
Thumb
Alga verde (Chlamydomonas)

Flagellata lumrahé urip ing banyu, ana uga kang urip dadi parasit ing awak maungsa lan kéwan. Flagellata duwé buluh cambuk lan bentuki awak kang ajek. Reproduksi aseksual kanthi cara pembelahan binèr lan reproduksi sèksual kanthi cara konjugasi.[2]

Remove ads

Cathetan sikil

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads