Freddy Numberi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Laksamana Madya (Purn.) Freddy Numberi (lair ing Yapen Waropen, Papua, 15 Oktober 1947; umur 77 taun).[1] Freddy Numberi iku mantan tokoh militèr lan salah sijiné pulitikus Indonésia kang njabat dadi Mantri Perhubungan wiwit taun 22 Oktober 2009.[1] Sadurungé, Freddy Numberi njabat dadi Mantri Kelautan dan Perikanan nalika taun (2004–2009).[1] Freddy njabat dadi Gubernur Papua nalika taun1998 sawisé pensiun saka TNI-AL.[1] Ing Kabinet Persatuan Nasional (1999-2001), Freddy dadi Mantri Nagara Pendayagunaan Aparatur Nagara.[1] Nalika ing pamarentahane Megawati Soekarnoputri, Freddy Numberi dipilih dadi Duta Besar Indonésia kanggo Italia lan Malta.[2] Freddy banjur dilantik dadi mantri Kelautan lan Perikanan nalika taun 2004.[1] Freddy ngrampungaké Pendidikan dhasar nganti menengah ing provinsi paling wétan Indonésia ya iku Irian Jaya.[1] Sawisé lulus SMA taun 1967 ing Jayapura, Freddy banjur nutugaké sekolah ing Akabri nalika taun 1968.[1] Freddy banjur lumebu pendhidhikan mirunggan AAL ing Surabaya nalika taun 1969 lan lulus sasi Dhésèmber 1971.[1] Freddy iku bojoné Anna Antoinette.[1] Freddy dipercaya dadi Komandan KRI Sembilan ing kawasan timur Indonésia, Komandan Ékan Tugas Proyek Pengadaan Kapal Parchim, Frosch, lan Kondor periode 1995-1996.[1] Pangkat kang paling dhuwur ing Angkatan Laut (TNI AL) ya iku Komandan Pangkalan Utama TNI AL V Irian Jaya-Maluku sadurungé kepilih dadi Gubernur Irian Jaya nalika April 1998.[1]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads