Gerard Kuiper

From Wikipedia, the free encyclopedia

Gerard Kuiper
Remove ads

Gerard Peter Kuiper (lair kanthi jeneng Gerrit Pieter Kuiper; Harenkarspel, 7 Dhésèmber 1905Ciudad de Mexico, 23 Dhésèmber 1973) iku sawijining astronom kalairan Walanda. Dilairaké lan didhidhik ing Walanda, Kuiper pindhah menyang Amérika Sarékat nalika taun 1933 lan éntuk kawarganegaran Amérika Sarékat nalika taun 1937.

Sunyata Rikat Lair, Pati ...

Kuiper nemu loro rembulan kanggo planit sajeroning Tata Surya, yaiku Miranda, rembulané Uranus, lan Nereid, rembulané Neptunus. Dhèwèké uga ngajokaké pendhapat yèn ana bunderan ing sanjabaning orbit Neptunus sing saiki dijenengi Sabuk Kuiper, sing kawujudané wis dibuktèkaké (delengen objèk trans-Neptunus). Kuiper uga ngrintis pangamatan infra udara migunakaké montor mabur Convair 990 nalika taun 1960-an.

Nalika taun 1959, Kuiper menangi Bebungah Henry Norris Russell saka Persatuan Astronomi Amérika.

Nalika taun 1960-an, Kuiper mbiyantu ngidhèntifikasi tapak pandharatan ing rembulan kanggo program Apollo.

Remove ads

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads