Walanda
nagara ing lor-kulon Eropa From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Walanda utawa Nèderlan (saka tembung Walanda: Nederland), kang tegesé "Tanah Ngisor") iku salah siji nagara ing lor-kulon Éropa. Iring wétané nagara iki wewatesan Jerman, iring kidulé wewatesan Bèlgi, lan iring kuloné wewatesan Sagara Lor. Walanda iku péranganing Karajan Walanda. Karajan Walanda (Koninkrijk der Nederlanden) iku Walanda tambah nagara Aruba, Curaçao, Sint Maarten lan gemeente kusus Saba, Sint Eustatius lan Bonaire.
Remove ads
Tembung Walanda sajeroning basa Jawa dijupuk saka basa Portugis, Holanda-> "olanda"-> "Walanda".
Walanda iku nagara kang tau njajah pérangan gedhéné Nusantara (saiki Indonésia) suwéné telung setengah abad lan mentas waé gelem ngakoni kedaulatan Indonésia ing tanggal 27 Dhésèmber 1949 ing prastawa kang kaloka kanthi Konferensi Meja Bundar ing kutha Den Haag.
Remove ads
Pamérangan administratif

Walanda dipérang dadi 12 kawasan administrasi kang dijenengaké provinsi (provincies).
- Groningen
- Friesland/Fryslân
- Drenthe
- Overijssel
- Flevoland
- Gelderland
- Utrecht
- Noord-Holland (Holland Lor)
- Zuid-Holland (Holland Kidul)
- Zeeland
- Noord-Brabant (Brabant Lor)
- Limburg
Saben laladan kapérang dadi geminte-geminte (gemeenten). Ana sawatara pulo ing Karibia kang ana ing ngisor papréntahan Walanda: Antillen Walanda lan Aruba.
Remove ads
Uga delengen
- Indhiya Nèderlan
- Pratélan provinsi ing Walanda
- Pratélan geminte ing Walanda
- Randstad
- Pratélan nagara
- Pratélan nagara miturut bawana
- Pratélan nagara miturut amba wewengkon
- ISO 3166-1
- Pratélan lagu kabangsan
- Parlemèn Walanda
![]() |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Netherlands. |
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Netherlands. |
Cithakan:Uni Éropa
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads