Gamelan Jawa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Gamelan Jawa iku jinis utawa corak gamelan kang urip ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sapérangan Jawa Wétan. Musik gamelan Jawa iki béda karo musik gamelan saka laladan liya, yèn musik gamelan Jawa lumrahé nduwé nada luwih lembut lan nganggo laya luwih alon, béda karo musik gamelan Bali kang layané luwih rikat, uga gamelan Sundha kang rasa musiké "nglaras" banget (mendayu-dayu) lan didhominasi swara suling.
Aksara Latin |

Remove ads
Asal Usul Nama Gamelan
Gamelan asal tembungé saka tembung lingga "gamel" lan panambang "-an". Gamel tegesé "nuthuk" utawa "nabuh" ditambah panambang "-an" dadi kurang luwih tegesé "kang dithuthuk" utawa "kang ditabuh". Dadi gamelan ya iku salah sijining pakaryan nabuh kang dilakokaké wong jaman biyèn banjur dadi nama alat musik kang dionèkaké bebarengan saingga ngasilaké uni musik sing pas lan merdu.
Notasi

Gamelan Jawa iku nduwé nada-nada péntatonis. Gamelan Jawa iku duwé 2 laras ya iku:
Aturan
Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan kang wis pakem, antarané katata saka pirang-pirang rambahan (puteran) lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa rikat-rendheté laku kang wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan mèlodiné wis diatur ning pérangan-pérangan kang saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé;
- Wong kang nuntun swara ya iku rebab
- Wong kang nuntun irama diarani kendhang
- Arané juru main kang nabuh gamelan iku pengrawit, penayagan utawa nayaga utawa wiyoga
- Wong kang nembang priya arané wira-swara
- Wong kang wanita arané pesindhèn utawa swarawati.
Jinis
- Gamelan Kancil Belik
- Gamelan Kodhok Ngorek
- Gamelan Monggang
- Gamelan Sekatèn
- Gamelan klasik
- Gamelan Gadhon
- Gamelan Siteran
- Gamelan Mangkunagaran
- Gamelan Pakualaman
- Gamelan Surakarta
- Gamelan Yogyakarta
- Gamelan Banyumasan
Uga delengen
Pranala njaba
- Instruments of the gamelan Archived 2008-05-13 at the Wayback Machine., Instrumèné Gamelan
- Gendhing Jawa Archived 2008-05-18 at the Wayback Machine., Notasi Gamelan gaya Surakarta.
- Mongkeyc, dolanan gamelan ing jagad maya.
- Gamelan, Orkestra a la Jawa, Gamelan, orkèstrané Jawa
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads