Suling

From Wikipedia, the free encyclopedia

Suling
Remove ads

Suling yaiku kulawarga piranti musik ing golongan piranti sebul kayu. Ora kaya piranti sebul kayu kang ana panggeteré, suling iku sawijining piranti aérofon utawa piranti sebul tanpa panggeter kang ngasilaké swara limantar aliran hawa kang ngliwati bukakan. Miturut klasifikasi piranti Hornbostel-Sachs, suling iku piranti aérofon sinwara-pinggiran.[1][ora kapacak ing sitiran]

Aksara Latin
     
ڤِڮون
   
Thumb
Werna-werna suling
Thumb
Wong Nubia main suling

Suling yaiku piranti musik wiwitan kang isih lestari. Sawènèh suling saka 43.000 nganti 35.000 taun kapungkur tinemu ing laladan Swabian Jura kang saiki ana ing Jerman. Tetemon iki mbiyak ananing tradhisi musik déning manungsa modhèren ing Éropah kang tumuwuh ing périodhe wiwitan.[2][3] Suling, kalebu Bansuri kang misuwur, dadi pérangan integral saka musik klasik Indhia wiwit taun 1500 SM.[butuh sitiran] Déwa utama Hindhu, yaiku Kresna, tansah magepokan karo suling.

Remove ads

Réferènsi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads