Gemak biasa

From Wikipedia, the free encyclopedia

Gemak biasa
Remove ads

Gemak biyasa, utawa gemak éropah (Coturnix coturnix) ya iku manuk cilik kang nyusuh ana ing lemah, anggota kulawarga Phasianidae. Jeneng èlmiyah Coturnix saka tembung basa Latin spésies iki.[2]

Sunyata Rikat Setatus konservasi, Klasifikasi ngèlmiah ...

Kanthi ukuran cilik lan wulu mèmper sesuketan, manuk iki luwih kerep keprungu suwarané tinimbang katon wujudé. Disebut gemak éropah amarga sumebar ing Éropah lan Afrika Lor. Spésies iki duwé wujud saèmper karo gemak jepang , Coturnix japonica, asli saka Asia, kang, sanajan padha rupa, nanging suwarané béda. Kayadéné gemak jepang, gemak éropah uga diingu dadi unggas.

Remove ads

Wedharan

Manuk iki duwé ukuran cilik, kanthi awak bunteg, wulu blorok soklat-putih, lan cucuk warna putih ing gemak lanang. Ukuran awaké kira-kira 180–219 mm (7.1–8.62 in) lan boboté 91–131 g (3.2–4.62 oz)[3]

Pakulinan

Manuk iki kalebu spésiès téréstrial, mangan wewijèn lan gegremet ing lemah. Lumrahé angèl tinemu amarga ndhelik ing sesuketan, gagé lumayu utawa mabur manawa dicaketi manungsa banjur ndhelik manèh. Lumrahé mung bisa dititèni saka suwarané manuk lanang nalika ésuk, surup utawa wengi. Gemak biyasa kalebu kuwat mabur dibandhingaké spésiès Galliformes liyané.  

Tumangkar

Manuk gemak biyasa ngancik umur diwasa nalika umur 6-8 minggu, lan gawé susuh ing lemah, ing tengah tegalan utawa sesuketan ing laladan Eropah lan Asia, kanthi endhog cacah 6-12. Endhog diangkremi 16-18 dina.

Rujukan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads