Grontol

From Wikipedia, the free encyclopedia

Grontol
Remove ads

Grontol, blendhung, bledhus utawa blendhuk yaiku panganan kang bahan dhasaré saka jagung kang wis dipipili saka janggelé, banjur dikum (direndhem) ana ing banyu kang diwènèhi enjet (basa Indonésia:kapur sirih). Pipilan jagung kang dikum banjur ditus lan didang nganti medhok ana ing dandang subluk ing sadhuwuring anglo. Sawisé mateng banjur diwur-wuri parutan klapa. Sawisé iku grontol wis siyap dianggo nyamikan. Ing karang padésan grontol asring dianggo ngirim sarapan kanggo wong macul utawa ngluku ing sawah utawa tegalan. Grontol biyasa dibuntel utawa dipincuk nganggo godhong gedhang utawa godhong jati. Ing jaman biyèn, grontol uga kerep dadi pengganti panganan pokok yaiku sega.

     
Sunyata Rikat Panggonan asal, Tlatah utawa praja ...

Grontol uga isa didadèkkake marning. Grontol teles isa langsung digoreng nganti garing mengko dadi marning, nanging mbutuhké wektu suwé. Saliyané kuwi, grontol bisa dipépé dhisik nganthi garing, banjur lagi digorèng.



Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads