Guardiagrele

From Wikipedia, the free encyclopedia

Guardiagrele
Remove ads

Guardiagrele iku sawijining kutha lan commune ing Provinsi Chieti, péranganing region Abruzzo, ing Italia tengah. Kutha iki dumunung ing sikilé Gunung Maiella ana ing elevasi watara 576 mèter. Sing ndunungi udakara 10,000 jiwa.

Thumb
Greja Santa Maria Maggiore ing Guardiagrele
Sunyata Rikat Comune Guardiagrele ...

Kapikat déning kaéndahan sesawangan gunung lan lembah Maiella saka kutha iki banjur penyair Gabriele d'Annunzio ngarani kutha Guardiagrele minangka la terrazza d'Abruzzo ("Èmpèr Abruzzo").

Kawentar bab kerajinan wesi tempa wrought iron, tembaga lan emas, Guardiagrele uga kutha klairané tukang emas lan pangripta reca Nicola da Guardiagrele, kang lair ing kéné ing pungkasan abad angka 15.

Guardiagrele uga misuwur kanthi Taman Nasional Maiella, lan minangka péranganing klub Borghi più belli d'Italia (burghs/kutha kang paling éndah ing Italia).

Remove ads

Dhémografi

Tuwuhing sing ndunungi

Panggonan wigati

Gréja kang gedhé dhéwé ing Guardiagrele ya iku Santa Maria Maggiore. Liyané wangunan gréja lawas, ing kéné uga ana sawatara gedhong lan pura kuna (abad angka 17) kang arsitekturé nyengsemaké, kaya déné Palazzo De Lucia, Palazzo Elisii lan Palazzo Marini.

Museum:

  • Museo Civico (Civic Museum)
  • Museo del Costume e della Tradizione della Nostra Gente' (Museum pakéan adat tradisonal) Chiostro del Palazzo Comunale Piazza San Francesco.
  • Museo del Duomo ("Museum Cathedral"), ing Santa Maria Maggiore.
  • Museo Archeologico ("Museum Arkéologi").
Remove ads

Pranala njaba

Gladri


Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads