Gunung Brama
gunung ing Indonesia From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Gunung Brama yaiku gunung geni sing kapernah ing Pulo Jawa, Indonésia. Gunung iki dhuwuré 2.392 mèter saka lumahing sagara lan nyrambahi patang kabupatèn: Prabalingga, Pasuruan, Lumajang, lan Malang. Wanguning Gunung Brama padha gegayutan antarané lembah lan ngaré, déné mawa kawah utawa sagara wedhi sing ambané watara 10 kilomèter pasagi.
Aksara Latin |
ڤِڮون |
Kawahé Gunung Brama garis tengahé ± 800 mèter (lor-kidul) lan ± 600 mèter (wétan-kulon). Wondéné, laladan bebaya yaiku dohé 4 km malang-mujur saka punjeré kawah Brama.
Remove ads
Sajarah
Ing abad XX, Gunung Brama njeblug ping telu kanthi let sing ajeg, yaiku 30 taun. Jeblugan sing paling nggegirisi dumadi ing taun 1974, déné jeblugan sing pungkasan ana ing taun 2011.
Pranala jaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads