Hafez al-Assad

From Wikipedia, the free encyclopedia

Hafez al-Assad
Remove ads

Hafez al-Assad (Arab: حافظ الأسد Ḥāfiẓ al-Asad, lair 6 Oktober 1930  pati 10 Juni 2000 ing umur 69 taun) ya iku présidhèn Suriah kang njabat ana ing telung mangsa kalungguhan.[1][2] Hafez digantèkaké déning anaké, présidhèn Bashar al-Assad kang njabat wiwit taun 2000 nganti tekan saiki.[1][2]

Sunyata Rikat Présidhèn Suriah ka-9, Kang sadurungé ...
Remove ads

Asal-usul

Hafez lair saka kulawarga Alawite nalika tanggal 6 Oktober 1930. Hafez dadi anggota Angkatan Udara Syria (Suriah) lan dadi pangadeg Parté Ba'ath kang ndadèkaké Hafez olèh posisi kang nguntungaké amarga anané kudéta ing Suriah taun 1966.[1] Dhèwèké mèlu ana ing Perang Enem Dina nglawan Israèl taun 1967, lan prastawa September Ireng nalika PLO nyoba (kanthi panyengkuyungé Suriah) nggulingaké Raja Hussein bin Talal saka Yordania.[1]

Remove ads

Tumuju kakuwasan

Hafez munggah ana ing panggung kakuwasan dadi Nayakotama ana ing Suriah amarga akèh intrik pulitik ing Wétan Tengah lan uga ana ing nagarané.[2] Posisi dadi Nayakotama dadi posisi kuwat kanggo Hafez kang ana ing taun sabanjuré diangkat dadi Présidhèn Suriah.[2]

Nglawan Israèl

Hafez al-Assad nguwataké posisiné ana ing 30 taun sawisé lan dadi salah siji tokoh kang duwé prabawa ana ing Wétan Tengah.[2]

Cathetan sikil

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads