Hassan Wirajuda
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Dr. Nur Hassan Wirajuda (lair ing Tangerang, Banten, 9 Juli 1948; umur 77 taun) inggih punika pulitikus saking Indonésia ingkang gadhah kalungguhan minangka angguta Dewan Pertimbangan Présidhèn wiwit 25 Januari 2010.[1][2] Saderengipun punika, Hassan Wirajuda naté dados Mantri Luar Negeri Indonésia wiwit taun 2001 ngantos taun 2009.[1][2] Hassan Wirajuda njabat ing kalih kabinèt, Kabinet Gotong Royong (2001—2004) lan Kabinet Indonésia Bersatu taun 2004—2009.[2] Hassan Wirajuda angsal gelar dhoktor babagan ukum saking jurusan ukum internasional ing Universitas Virginia taun 1981, gelar master ukum (LL.M) saking Universitas Hardvard taun 1985, lan gelar master seni ukum lan diplomasi saking sekolah ukum Fletcher School of Law and Diplomacy taun 1984.[1] Ing taun 1971, Hassan Wirajuda dados dhosen ing fakultas ukum Universitas Indonésia lan ing taun 1976 Hassan sekolah malih dhateng Universitas Oxford ing Inggris supados pikantuk sertifikat diplomasi.[2]
Remove ads
Karier
Hassan WIrajuda dados direktur jenderal pulitik luar nagari ing kementrian luar nagari (Juli 2000-Agustus 2001), Duta besar ing Amérikah Sarékat lan organisasi internasional sanèsipun ing Genewa (Dhésèmber 1998), lan dhirektur organisasi internasional ing departemen luar nagari (1993-1997).[2]
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads