Henri Becquerel

From Wikipedia, the free encyclopedia

Henri Becquerel
Remove ads

Cithakan:Eponim ékan

Sunyata Rikat Antoine Henri Becquerel, Lair ...

Antoine Henri Becquerel (lair ing Paris, 15 Dhésèmber 1852  pati ing Le Croisic, 25 Agustus 1908 ing umur 55 taun) punia salah setunggil fisikawan asal Prancis ingkang nemokaken radioaktivitas. Naminipun dipun-ginakaken kanggé ékan radioaktivitas.

Remove ads

Biografi

Kagesangan awal

Becquerel miyos saking kulawarga ingkang ngedalaken 4 génerasi èlmuwan, kalebet putranipun piyambak Jean. Henri Becquerel sinau èlmu kawruh alam ing École polytechnique lan tèhnik ing École des Ponts et Chaussées. Nalika taun 1890, panjenenganipun palakrami kaliyan Louise Désirée Lorieux.

Karièr

Taun 1892, panjenenganipun dados tiyang angka 3 ing kulawarganipun ingkang nglenggahi kursi fisika ing Musiyum National d'Histoire Naturelle. Nalika taun 1894, panjenenganipun dados ketua insinyur ing Dhépartemèn Wot lan Dalan Ageng.

Ing taun 1896, nalika ngamati fosforesensi garam uranium, tanpa sengaja Becquerel nemokaken radioaktivitas. Nliti karya Wilhelm Conrad Röntgen, Becquerel ngurung dat ingkang berpijar, kalium uranil sulfat, salebetipun pelat foto lan bahan cemeng kanggé nyiapaken panlitèn ingkang merlokaken cahya padhang. Nanging, sadèrèngipun nglajengaken panlitèn, Becquerel nemokaken pelat foto puniku sampun kapajan, nedahaken gambaran dat. Panemon puniku damel panjenenganipun nliti émisi spontan radhiasi nuklir.

Nalika taun 1903, panjenenganipun nampi Nobel Fisika kaliyan Pierre lan Marie Curie salebetipun pangakenan jasa ngéramaken ingkang sampun dipunlampahi kanthi panemon radioaktivitas spontan.

Remove ads

Pranala njawi


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads