Iftar

From Wikipedia, the free encyclopedia

Iftar
Remove ads

Wayah Buka Pasa utawa Iftar ( Arab: إفطار, salin aksara ʾifṭār ), uga sinebut ftoor (saka فطور , fuṭūr 'sarapan'), iku memangan ing wayah angsluping srengéngé kanggo mbatalake pasa Ramadhan ing dina iku tumraping umat Muslim. [1] Wayah buka iki ditindakake nalika wis kumandhange adzan magrib, minangka pratandha tekane wayah buka. [2] Ya iki kalodhangan kapindho kanggo memangan maneh tumraping umat Islam sawise sedina muput nindakake pasa; pasa saben dina ing wulan Ramadhan den wiwiti sawise mangan sahur, yaiku nalika wayah adzan Subuh lan diterusake ing wayah awan, nganti dipungkasi nalika wayah suruping srengenge kanthi buka pasa. [3]

Thumb
Iftar 2005 ing Kairo
Thumb
Prasmanan buka puasa 2016 ing hotel ing Riyadh
Remove ads

Katrangan

Iftar minangka salah sawijining tradhisi agama Islam ing saben Sasi Ramadhan, lan asring ditindakake bebarengan. Masarakat Islam kumpul manunggal bebarengan kanggo nindakake buka pasa (ing Indonésia asring sinebut buka bersama). Panganan lagi kena dipangan sawise ngancik wayah Maghrib, yaiku udakara surup srengenge . Adhedhasar sunnah, telung kurma dipangan sepisanan kanthi ancas mbatalake siyam, minangka tuladha saka Kanjeng Nabi Muhammad Shalallahu alaihi Wasallam. Nanging iki ora wajib. Kang baku, tumraping wong Islam percaya manawa paring panganan iftar kanggo wong kang nindakaké pasa bisa minangka wujud Sedekah lan mumpangati banget uga naté ditindakake dening Kanjeng Nabi Muhammad. [2] [3]

Thumb
Barang buka puasa umum ing Bangladesh
Thumb
Barang-barang panganan Iftar ing Bazaar Chowk Dhaka
Thumb
Macam-macam jinis panganan ing piring Ifter
Thumb
Nangka kolak, salah siji saka macem-macem panganan iftar ing Indonesia
Thumb
Tuladha tabel Iftar Iran. Nedha bengi bakal dilayani mengko.
Thumb
Ngombe Bandung, omben-omben sing paling umum sajrone Iftar ing Malaysia
Thumb
Samosas minangka cemilan Iftari sing umum ing Pakistan.
Remove ads

Referensi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads