Interferon

protein kang diwetokaké dening sel inang minangka respon anané patogen From Wikipedia, the free encyclopedia

Interferon
Remove ads

Interferon ya iku hormon kang kanthi wujud sitokina kang wujud protéin kanthi jinis glikoprotein kang disekresi déning sel vertebrata amarga akibat rangsangan biologis, kaya ta virus, bakteri, protozoa, mycoplasma, mitogen, lan senyawa liyané.[1] Sajarah penemon interferon dimulai kawit taun 1954 nalika Nagano lan Kojima nemu interferon ing virus kelinci.[1] Telung taun candhaké Isaacs lan Lindenmann kasil anggoné ngisolasi molekul kang padha saka sel pitik lan molekul mau diarani interferon.[1]

Thumb
Strukur molekul interferon alfa manungsa.
Remove ads

Jinis-jinis

Ana telung kelas interferon ya iku, alfa, beta, dan gamma.[2]

  • Interferon-α diasilake déning leukosit lan duwé peran minangka molekul anti-viral.[2] Pangannggone interferon-α kanggo perawatan penderita hepatitis B lan hepatitis C bisa nginduksi hipotiroidisme utawa hipertiroidisme, tiroiditis[3] lan disfungsi klanjer tiroid.[4] IFN-α duwé efek anti-proliferatif lan anti-fibrosis ing sel mesenkimal.[5]
  • Interferon-β diasilake déning fibroblas lan bisa nyambut gawé ing kabèh sel kang ana ing jerone awak manungsa.[2]
  • Interferon-γ diasilkan déning limfosit sel T pembantu lan mung nyambut gawé ing sel-sel tartemtu, kaya ta makrofaga, sel endotelial, fibroblas, sel T sitotoksik, lan limfosit B.[2]
Katerangan liyané Sifat, IFN Alfa (α) ...
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads