Ivan Lanin

From Wikipedia, the free encyclopedia

Ivan Lanin
Remove ads

Ivan Lanin kang misuwur kanthi asma Ivan Razela Lanin (lair ing Jakarta, Indonésia, 16 Januari 1975; umur 50 taun)[1] ya iku salah sawijiné juru internet saka Indonesia.[3] Ivan Lanin misuwur mligi minangka aktivis kang mènèhi kampanye mendah wigatiné nggunakké basa Indonesia kang apik lan bener, sarta ngenalaké tembung-tembung saka basa Indonesia kang padha karo istilah-istilah basa manca nagara antarané liwat Facebook lan Twitter.[4][5][6]

Sunyata Rikat Lair, Padunungan ...
Remove ads

Riwayat

Ivan Lanin miwiti nulis ing Wikipédia basa Indonesia taun 2006 (ndhaptar kanti jeneng pangguna IvanLanin ing tanggal 18 Fèbruari 2006)[7] liwat besutan kapisan ya iku kaca Pajak.[8][9][10] Awit saka kuwi, dhèwèké neruské mbesut lan ngrintis kaca-kaca anyar ing Wikipédia nganggo bahasa Indonesia kang éndah.[2] Taun 2007, dhèwèké nyawiji karo Milis Bahtera kang anggotane para pengamat basa Indonesia.[4] Ing pungkasan taun Wikimedia Indonesia diyasa déning wong sangalas, ing antarané ya iku Ivan Lanin lan Revo Arka Giri Soekatno.[11][12] Ing sajeroné Rapat Umum Anggota taun 2008, dhèwèké kapilih dadi Direktur Eksekutif Wikimedia Indonesia.[11] Ivan mundur saka kalungguhan kuwi ing pungkasan taun 2009 jalaran kegiyatané.[2] Tengah-tengah taun 2009, Ivan ditampa sekolah ing Magister Teknologi Informasi Universitas Indonesia.[2] Ing kala mangsa kang meh barengan, dhèwèké uga ditampa dadi pambesut ing Google basa Indonesia.[2]

Kanggo nyebaraké ngèlmu basa, Ivan Lanin ngembangaké "Kateglo" kang awujud singkatan saka "kamus", "tesaurus", lan "glosarium".[2] Dhéwèké ngembangaké Kateglo bareng karo kancané, Romi Hardiyanto kang ngayahi jejibahan minangka penerjemah Firefox ing basa Indonesia.[4] Ivan kaping pisan éntuk pamikiran nggawé Kateglo tanggal 9 Mèi 2009.[2] Sabanjuré, Iwan nggawé struktur basis data Kateglo mung ing wanci telung dina kanthi nggawé program, éwadene Romi ngawakutu (nganalisis) programé.[2]

Remove ads

Pawiyatan

Lumaku

  • Chief Technology Officer, APB Group[2]
  • Pambesut ing Google Indonesia[2]

Uga delengen

  • IvanLanin, akun milik Ivan Lanin di Wikipedia bahasa Indonesia.

Rujukan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads