Iwak mas
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Iwak Mas yaiku iwak kang sisiké wernanè Mas. Iwak iki basa latiné Ciprinus Capio.[1] Iwak mas iki bisa kanggo mbesmi uget-uget lamuk Aedes Aegypti utawa lamuk sing bisa ndadèkakè lara demam berdarah.[2]

Ing Pasar Panorama kutha Bengkulu rega iwak Mas paling dhuwur dhéwé yèn dibandhingaké karo iwak nila lan iwak lélé.[3] Regane iwak mas isih urip Rp 22.000/kg, déné sing wis mati mung Rp 18.000/kg, iwak nila urip Rp 20.000/kg, nila mati Rp 15.000/kg, iwak lèlè urip Rp 20.000/kg, lèlè mati Rp 15.000/kg..[3]
Remove ads
Iwak kang Langka
Diane Rains yaiku wong saka Wisconsin, Amérikah Sarékat duwèni iwak mas kang unik. Iwak mase iku dijenengi Jor-jor.[4] Pranyata iwak mas iki duwé kaluwihan yaiku bisa nglagokake piranti musik. kurang luwih rong taun iwak mas iki dilatih kanthi piranti nada saka Bel lonceng.[4] carané yaiku jor-jor narik-narik tali kang kemlewer saka bel lonceng iku.[4] Iwak Mas iki bisa kanggo praktik cuba-cuba ana leb.[5] Iwak mas dikanggoke praktik bisa ngilangake rasa wedi kanthi disuntik nganggo obat sing jenenge lidokain.[5] Iwak iki dipilih amarga utegke meh padha karo mamalia, sing kalebu uga manungsa.[5] Panelitian iki dianakake kanggo watu pencolotan muga ing paniliten sabanjuré bisa luwih migunani kanggo manungsa.[5]
Remove ads
Cathetan suku
Deleng uga
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads