Jaguar
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Jaguar ya iku sajinis kucing kang awaké gedhé.[2] Jaguar kagolong ing génus Panthera.[2] Kéwan iki kalebu kucing alasan kang kaping telu sawisé macan lan singa.[2] Jaguar uga dadi kucing kang ukurané gedhé dhéwé ing belahan Barat.[2] Kéwan iki urip ing laladan Meksiko pérangan lor, Amérika Tengah nganti tekan Paraguay lan Argentina lor lan kidul.[2]
Jaguar iku kucing alasan kang duwé warna kang apik.[3] Sanajan jaguar duwé warna kang rada béda nanging jaguar lumrahé nduwé warna kuning coklat lan ana kaya bunderan-bunderan ireng ing wuluné.[3] Corak iki arep mirib kaya leopard nanging leopard wernane luwih putih.[3] Jaguar kang wis gedhé duwé buntut kang dawané 45 nganti 75centimeter.[3] Jaguar uga bisa ngadeg ing wit nganggo sikilé.[3] Jaguar duwé awak kang boboté 300 pon.[3] Jaguar duwé cakar lan sikil kang kuwat lan kanggo mangsa mungsuhe.[3] Jaguar uga duwé kuku kang landhep kanggo nyakar lan nyuwék dagingé mungsuhé.[3] Awit jaguar kalebu kéwan karnivora lang mangan daging.[3] Sikil ngarep jaguar luwih dawa tinimbang mburiné iki gunané kanggo nggampangaké yèn lumayu lan mencolot supaya bisa luwih rikat anggoné nyekel mungsuhe.[3] [[Ilat\\ jaguar minangka misahké daging saka balung mungsuhé kang dipangan. [3]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads