Josh McEachran
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Josh McEachran (lair ing Oxford, Inggris, 1 Maret 1993; umur 32 taun), ya iku juru main bal kang asalé saka Inggris.[2] Yosua Markus "Josh" McEachran dadi gelandhang ing klub Liga Premier Chelsea FC.[2] McEachran miwiti karir karo klub Garden City Fc ing Oxford Mail, ing kana tinemu karo sing nggolèk bakat saka klub Chelsea FC. Dhèwèké banjur pindhah menyang Chelsea FC dadi juru main akademika ing umur 8 taun lan ngliwati tanggung jawab akademisé sekolah ing Marlborough ing Woodstock.[2] McEachran gawé tim dadi kompetitif ing dhebut perdhanané kanggo Chelsea FC nglawan MSK Zilina ing tanggal 15 September 2010 minangka cadhangan.[2] McEachran nggawé dhebut perdanané ing laga Piala Liga nglawan Newcastle United, ing endi dhèwèké teka dadi juru main ganti.[2] Josh McEachran dhebut Premier League ing tanggal 25 september nanging kalah 1-0 karo Menchester City. Ing tanggal 23 November 2010 manajer Carlo Ancelotti mbiwara McEachran mèh miwiti laga perdhanané nglawan MSK Zilina. Dhèwèké dimèlokaké main ing Liga Champions nglawan Marseille klub saka Prancis.[2] McEachran miwiti manèh nglawan Newcastle ing Stamford Bridge tanggal 15 Mèi 2011. Ditonton saka para nimpuna ing Chelsea kabèh péngin tetep ana McEachran ing Chelsea amarga perlu pambinaan bocah-bocah enom.[2]
Remove ads
Prèstasi
Chelsea
- Piala FA U18: 2009–10
Internasional
- Kajuaraan Bal-balan UEFA U-17: 2010
Indhividhual
- Chelsea Young Player of the Year: 2011
Cathetan sikil
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads