Kali Nil
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kali Nil (Arab: النيل, transliteration: an-nīl, Mesir kuna iteru, Coptic piaro utawi phiaro) punika satunggaling kali ageng ing Afrika ingkang mili ngalèr, minangka kali ingkang paling panjang ing donya.[1] Kali Nil gadhah kalih cabang utawi tributaries ingkang nggabung dados satunggal, inggih punika Kali Nil Pethak kaliyan Kali Nil Biru. Ingkang pungkasan minangka sumber utami toya Kali Nil lan sumber kasuburan siti wonten ing tlatah aliranipun, déné Nil Pethak minangka Kali ingkang paling panjang. Kali Nil Pethak miwiti saking tlatah Telaga Ageng ing Afrika Tengah, kanthi sumber ingkang paling tebih saking Rwanda kidul.2°16′55.92″S 29°19′52.32″E, lan mili mengalèr ngangkungi Tanzania, Lake Victoria, Uganda lan Sudan kidul, déné Kali Nil Biru miwiti saking Telaga Tana ing Ethiopia 12°2′8.8″N 37°15′53.11″E, mili dhumateng Sudan saking kidul wétan. Kekalihipun kepanggih wonten ing panggénan caket kitha krajan SudanKhartoum.
Pérangan lèr aliran Kali ingkang mèh sadaya mili wonten ing ara-ara pasir, saking Sudan dumugi Mesir, satunggiling nagari ingkang sajarah kabudhayanipun civilization gumantung dhumateng Kali Nil wiwit jaman purbakala. Kathah sing ndunungi lan kitha-kitha Mesir séjénipun ingkang wonten ing tlatah pasisir, dumunung wonten ing lembah Nil lèripun Aswan; lan mèh sadaya situs kabudayan lan sajarah Mesir Kuno pinanggih ing tebing Kali punika. Pungkasan aliran Kali Nil awujud delta ingkang ageng tumuju dhumateng Seganten Mediterranean.

Remove ads
Ètimologi

Tembung "Nil"(Arabic: 'nīl) punika asalipun saking basa Yunani Neilos (Νειλος), ingkang tegesipun lembah kali. Ing basa Mesir Kuno, Kali Nil dipunwastani iteru, ingkang tegesipun "Kali Ageng ", kados ingkang dipunpratélaaken wonten ing gambar hieroglyphs ing tengen punika.[2] Ing basa Coptic, tembung piaro (Sahidic) utawi phiaro (Bohairic) punika tegesipun "kali" (lit. p(h).iar-o "the.canal-great") sami-sami asal saking nama jaman kino.
Remove ads
Gladri
- View of the Nile from a cruiseboat, between Luxor and Aswan in Egypt
- Marsh along the Nile
- The Nile in Uganda
- A river boat crossing the Nile in UgandaA river boat crossing the Nile in Uganda
Media
- Kangèlan ndeleng vidéo iki? Pirsani media help.
Ugi pirsani
Réferènsi
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads