Kangkung

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kangkung
Remove ads

Kangkung (Ipomoea aquatica Forsk.) uga ditepungi minangka Ipomoea reptans Poir1, ya iku wujud jinising tetuwuhan kang kalebu janganan lan ditandur minangka panganan. Kangkung akèh didol ing pasar-pasar. Kangkung akèh ana ing kawasan Asia lan wujud tetuwuhan kang bisa ditemoni ing ngendi baé mligi ing laladan banyu.

Aksara Latin
     
Sunyata Rikat Ipomoea aquatica, Tetanduran ...
Remove ads

Gambaran

Godhong kangkung lunyu lan wanguné mèmper mata panah, dawané 5-6 inci. Tetuwuhan iki mrambat mawa godhong selang-seling lan watangé tegak ing pangkal godhong. Tuwuhan iki wernané ijoijo pucet lan kembangé warna putihPutih. Kembangé ngasilaké kanthong kang ngandhut papat wiji winih. Kangkung ana uga kang jinis godhongé amba lan ana uga kang godhongé tirus.

Kagunaan

Meh kabèh tetuwuhan kang enom bisa dipangan. Amarga kangkung tuwa seraté kasar, pucuk kang enom luwih disenengi. Kangkung bisa dipangan mentah utawa dimasak kaya bayem. Kangkung asring uga ditumis minangka cah. Masakan populèr kang migunakaké kangkung ya iku kangkung gorèng belacan. Sauntara plecing kangkung wujud menu kang misuwur saka laladan Lombok. Kangkung uga wujud panganan salah sawijining spésies kéwan Chersina utawa bulus.

Remove ads

Galeri

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads