Kantor Pos

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kantor Pos
Remove ads

Kantor pos yaiku panggonan kanggo ngirimaké layang lan paket pos.[1] Kantor pos uga dodol barang-barang pos lan filateli kayata prangko, kertu pos, amplop, lan piranti kanggo mbungkus pakét.[1] Ing nagara-nagara tartamtu, kantor-kantor pos nduwéni fungsi dadi papan panggonan kanggo nampa aplikasi paspor, ngirim weselpos utawa money order, dodol asuransi, pesen barang lan layanan giropos lan perbankan.[1] Ing Indonésia kantor pos uga dodol materai témpél lan dadi panggonan kanggo mbayar listrik utawa tagihan tilpun.[1]

Thumb
Kantor Pos kang ana ing Yogyakarta

Ing jero kantor pos ana akèh lokét kang dibagi miturut jinisé layangan, kayata loket kanggo ngirim surat ing saknagara, loket surat kang dikirim ing jaban rangkah, lan lokét wésel pos.[1] Ing ruangan kantor pos ana méja-méja kang ing dhuwuré ana bolpen lan potlot, lem, utawa karét busa kang ditelesi nganggo banyu.[1] Wong kang nggunakaké jasa pos uga kena nganggo méja kanggo nulis lan kanggo nyiapaké surat lan paket kang bakal dikirim.[1] Ing kantor pos ana kotak pos kanggo diséwa individu utawa wong kang nduwé bisnis kang ora kepéngin mbiwara alamaté kanthi jelas utawa kang manggon ing panggonan kang ora bisa dijangkau karo layanan pos.[1] Ing ruangan mburi kantor pos ana ruangan sortir kanggo milah-milah surat sadurungé dikirim ing kantor pos kang luwih gedhé utawa diteraké ing alamat kang dituju.[1]

Ing sistem layanan Pos Indonésia, kantor pos uga direwangi bis surat lan pérangan layanan kayata pos keliling ing kutha utawa désa.[2] Kantor pos uga nduwéni layanan kanggo nyewakaké komputer kang bisa nyambung karo internet.[2] Kantor pos uga nyediakaké layanan tiket kereta api.[2]

Remove ads

Uga delengen

Layanan pos ing nagara

  • An Post (Irlandia)
  • Post Office Ltd (Karajan Manunggal)
  • United States Postal Service
  • Canada Post
  • Deutsche Post
  • Universal Postal Union
  • Australia Post
  • New Zealand Post
  • Japan Post

Pranala njaba

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads