Kapuloan Andaman lan Nikobar
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Cithakan:Infobox State IN


Kapuloan Andaman lan Nikobar (Inggris: Andaman and Nicobar Islands, dipuncekak A & N Islands utawi ANI) punika satunggaling Wewengkon Persatuan ing India.[1] Kepuloan Andaman lan Nikobar dumunung ing Samodra Hindia, kapuloan punika kapèrang saking kalih golongan ingkang utami Kapuloan Andaman lan Kapuloan Nikobar.[1] Kalih golongan punika dipunpisahaken déning 10° LU paralel, kapuloan Andaman membentang dhateng ngétan garis ujur punika, lan kapuloan Nikobar dhateng ngidul.[1] Punjeripun (pusat) teritori punika inggih punika ing Kutha Port Blair ingkang wonten ing Andaman.[1] Adhedhasar cacah sirah pungkasan ing wonten taun 2001, wewengkon persatuan punika gadhah 356.152 jiwa kang ndunungi.[2] Jembaripun wewengkon dharatan Kapuloan Andaman lan Nikobar antawisipun 8.249 km².[1]
Remove ads
Ètimologi
Nama Andaman asalipun saking tembung Hanuman, ingkang kalebet tembung basa Malayalam kanggé déwa Hindhu, Hanuman.[3] Nama Nikobar inggih punika tembung ing basa Malayam ingkang ateges 'sitinipun tiyang'.[1]
Sajarah
Padunung ingkang sepisanan
Kapuloan Andaman lan Nikobar sampun dipunanggé sampun maéwon-éwon taun.[4] Bukti arkéologi nedhahaken bilih nalika abad kaping 2 SM kapuloan punika sampun wonten padunungipun[4], nanging, indikasi saking isolasi genetik, budaya lan basa dhateng padunungipun nedhahaken bilih sampun wonten kang ndunungi wiwit 30.000 - 60.000 taun kepengker, nalika wekdal Paleolitik Pratengahan.[4]
Remove ads
Pranala njawi
![]() |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Andaman and Nicobar. |
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads