Kemiri

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kemiri
Remove ads

Kemiri ya iku araning wit kang wohé kulité awujud atos, isiné ana kandhutané lenga, lan bisa kanggo bumbu masak.Ing basa latiné sok diarani Aleurites moluccana. Tuwuhan iki isih sakrabat karo ketéla pohung lan kalebu suku Euphorbiaceae. Sajeroning dedagangan antarnegara kaloka minangka candleberry, Indian walnut, utawa candlenut. Wité ingaran minangka varnish tree utawa kukui nut tree. Lenga sing dièkstrak saka wiji kemiri migunani sajeroning indhustri minangka bahan campuran cèt. Ora diweruhi kanthi cetha asal-usulé, tuwuhan iki nyebar wiwit saka India lan Cina, ngliwati Asia Kidul-wétan lan Nusantara, nganti Polinesia lan Niu Selan.[1] Ing Indonésia, kemiri kaloka kanthi akèh jeneng, antarané: kembiri, gambiri, hambiri (Bat.); kemili (Gayo); kemiling (Lamp.); buah kareh (buah keras, Mink.; Nias); keminting (Day.). Uga muncang (Sd.); dèrèkan, pidekan, miri (Jw.); kamèrè, komèrè, mèrè (Md.); lsp.[2]

Thumb
Kemiri
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...
Remove ads

Rujukan

Uga delengen

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads