Kencing Manis

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kencing Manis
Remove ads

Diabetes mellitus, DM (Grikenlan: διαβαίνειν, diabaínein, tembus utawi pancuran toya) (Latin: mellitus, raos manis) ingkang ugi dipuntepangi ing Indonésia kanthi istilah lelara kencing manis inggih punika kelainan metabolis ingkang dipunsebabaken déning kathah faktor, kanthi simtoma wujud hiperglisemia kronis lan gangguan métabolisme karbohidrat, lemak lan protéin, minangka akibat saking:

  • défisiènsi sekresi hormon insulin, aktivitas insulin, utawi kekalihipun.[2]
  • défisiènsi transporter glukosa.
  • utawi kekalihipun.
Sunyata Rikat ICD-10, ICD-9 ...
Thumb
Bunderan biru, punika simbol kanggé diabetes mellitus, kados pita abrit kanggé AIDS.[1]

Kencing Manis punika lelara amargi pankreas boten kiyat ngasilaken insulin, lan kedah mbetahaken kanggé ngéwahi glukosa dados gula getih.[3]

Manéka lelara, sindrom lan simtoma saged kapicu déning diabetes mellitus, ing antawisipun: Alzheimer, ataxia-telangiectasia, sindrom Down, lelara Huntington, kelainan mitokondria, distrofi miotonis, lelara Parkinson, sindrom Prader-Willi, sindrom Werner, sindrom Wolfram,[4] leukoaraiosis, demensia,[5] hipotiroidisme, hipertiroidisme, hipogonadisme,[6] lan sanès-sanèsipun.

Remove ads

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads