Keris
gegaman landhep mawa wrangka From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Dhuwung (ngoko: keris; krama inggil wangkingan) utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanèsipun turangga, wisma, wanita kaliyan kukila. Curiga utawi keris punika gadhah makna lanang, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, saged mbéla piyambakipun, kulawarga, saha saged mbéla nagari.[1]


Remove ads
Sujarah
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Keris. |
![]() |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Keris |
Dèrèng wonten asil panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa tiyang Jawa miwiti mangertosi keris, wonten keris Jawa sampun gadhah wujud ingkang sampurna nalika jaman Krajan Majapait. Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados bebungah ingkang saé piyambak mliginipun manawi bebungah keris saking raja.[2]
Remove ads
Mupangat
Jaman sapunika gina keris sampun kirang, limrahipun namung dados barang kolèksi ugi kanggé ubarampé adicara-adicara saha ritual adat. Jaman rumiyin sanèsipun gadhah fungsi sanjata, keris ugi saged kanggé tandha status sosial, jengjang pangkat ugi bebungah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados lambang paseduluran ingkang dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten praktekipun ingkang kaanggep klenik, keris dipunanggep jimat kaliyan medhia/griya kanggé lelembut.
Remove ads
Ricikan

Keris gadhah 49 pérangan.[3] Pérangan-pérangan punika gadhah pérangan-pérangan malih ingkang langkung princèn ingkang wujudipun limrahipun ukiran.[4] Ukiran ing pérangan-pérangan keris Jawa gadhah makna kaliyan karakter ingkang bènten-bènten.[5]. 49 ricikan keris inggih punika:[6][7]
- Pesi
- Methuk
- Ganja
- Greneng
- Randha Nunut
- Buntut Cecak
- Punukan
- Dha
- Ri Pandhan (8+9 = Ron Dha)
- Tingil
- Sraweyan
- Bungkul
- Janur
- Sogokan
- Poyuhan
- Pèjetan/Blumbangan
- Gandhik
- Tikel Alis
- Jenggot
- Sekar Kacang utawi Kembang Kacang
- Jalèn
- Lambé Gajah
- Pundhak utawi Sumping
- Pudak Sategal ngajeng
- Pudak Sategal wingking
- Ada-ada utawi Geger Sapi
- Lis-lisan
- Gusèn
- Kruwingan utawi Gula Milir
- Kruwingan Cucuk Manuk
- Pucukan Mbuntut Tuma
- Pucukan Anggabah Kopong
- Sogokan Sampir utawi Sinéba
- Bawang Sebungkul
- Sekar Kacang Pogog
- Lambe Gajah Rangkep
- Ganja Wuwung
- Ganja Kelap Lintah
- Ganja Wilut
- Kanyut
- Wetengan Ganja
- Sirah Cecak
- Buntut Cecak Sebit Lontar
- Sirak Cecak Melinjo utawi Nyangkem Kodhok
- Buntut Cecak Nguceng Mati
- Gandhik Pethuk utawi Laler Mengeng
- Mendhak
- Ukir utawi Deder
- Kinatah emas
Wilah
Wilah utawi pesi punika pérangan mliginipun keris. Bahan kanggé wilah punika dipundamel saking warna-warna bahan, nanging ingkang limrah saking watu météor, wesi, lan waja. Cara ndamelipuninggih punika dipuntekuk, ya iku wesi utawi baja dipunpanasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantos kathah tekukanipun. Cacahipun tekukan punika saking 16 tekukan (keris-keris blambangan) ngantos éwon tekukan (keris majapahit, mataram lan sapanunggalanipun). Awit cara punika, ndadosaken wilah keris kiyat sanget, tèknologi punika ugi dipuncakaken wonten indhustri plywood.[8]
Warangka
Warangka inggih punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka keris punika kadadosan saking pérangan-pérangan baku, inggih punika pendhok, mendhak, gandar, kaliyan warangka. Miturut jinisipun, warangka keris kapérang dados kalih, inggih punika warangka gayaman kaliyan warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun wonten kalih, inggih punika gayaman gaya Yogyakarta kaliyan gayaman gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi kapérang dados kalih corak utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta kaliyan cara Surakarta.
Deder
Deder utawi gagang inggih punika pérangan ingkang dipuncepeng, panggènipun wonten sangandhaping wilah utawi pesi. Ginanipun inggih punika kanggé nyepeng wilah kaliyan kanggé dipuncepeng nganggé asta. Deder gadhah kathah macem jinisipun. Keris Bali wonten ingkang wujudipun kados patung déwa, patung padende, patung raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah kinatah emas lan watu mulya. Keris Sulawesi nggambaraken manuk liyar, minangka pralambang kanggé profesi masarakat Sulawesi ingkang mujudaken pelaut. Déné peksi mujudaken lambang kaslametan dunya. Kadosta motif mustaka manuk ingkang dipun-ginakaken ing keris Riau Lingga, lan kanggé panggènan sanèsipun minangka pengembangan tosan aji kados ta Acèh, Bangkinang (Riau), Palembang, Sambas, Kutai, Bugis, Luwu, Jawa, Madura, kaliyan Sulu gadhah ukiran lan pralambang ingkang bènten. Materi ingkang dipun-ginakaken asalipun saking manéka warna bahan kados ta gadhing, balung, logam, ingkang apling asring dipun-ginakaken inggih punika kayu. Hulu keris Jawa muturut garis besaripun kapérang dados sirah wingking, liling, cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul.[9][10]
Remove ads
Pamor
Ingkang dipunwastanii pamor keris punika ugi saged wonten ing tosan aji sanèsipun, kados ta tumbak, wedung, pedhang, lan sapanunggalanipun. Déné pamor ingkang pilihan, limrahipun kanggé tiyang-tiyang ingkang gadhah kalenggahan tartamtu utawi watek tartamtu. Pramila, langkung saé dipuntayuh rumiyin supados pirsa cocog botenipun, déné ingkang boten pilihan saged dipungadhahi sinten kémawon. Sejatosipun pamor punika gambaran/kesan utawi image wingit ingkang timbul saking ukiran ingkang wonten ing wilah keris utawi gegaman tradhisional sanèsipun. Gambaran wingit punika medal saking asil tempa campuran tosan ingkang dados bahan dhasar kanggé ndamel/nempa keris. Èlmu pamor ing gaman punika namung dipunkuwaosi déning para mpu. Jinising pamor inggih punika:
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads