Kerispatih

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kerispatih
Remove ads

Kérispatih inggih punika salah satunggalipun grup musik saking Indonèsia ingkang kawujud ing taun 2003.[1] Anggotanipun wonten gangsal cacahipun, inggih punika Badai, Anton, Fandy (minangka gantosipun Sammy), Arief, lan Andika.[1]

Sunyata Rikat Latar wuri, Lair ...

Kérispatih kadamel ing tanggal 21 April 2003 déning sekawan wiranèm mahasiswa Institut Musisi Indonésia, Arief, Badai, Andika, lan Anton.[1] Wiwitanipun damél band kanthi téma instruméntal etnik, ingkang dipun-gantos ing aransemen ingkang énggal.[1] Band punika pentas ingkang kapisanan ing adicara Farabi Sunday tanggal 22 April 2003.[1] Salajengipun grup punika ngajak Sammy mlebet dados vokalis ingkang satemenipun kanca ing kampus, ingkang kalebet salah satunggalipun finalis tigang dasa ageng Indonésian Idol I/2004, minangka vokalis.[1] Karir profésional ingkang sepisan dipunlaksanakaken sasampunipun damel manajemen band,ingkang ing wekdal samanten dipunatur déning Ingga Jaya Purda.[1] Sapunika Kerispatih ndhèrèk ing manajemen Bagot’z Productions. Kerispatih wiwit rekaman ing taun 2004.[1] Kerispatih ndhèrèk proyek album komplikasi Gulalikustik (dipunwedalaken September 2004), kanthi label PT Naga Swarasakti.[1] Kerispatih miyosaken album ingkang sepisanan kanthi irah-rahan Kejujuran Hati.[2] Lagu-lagu ingkang dipunrilis ing album punika inggih punika: "Kejujuran Hati", "Cinta Putih", lan "Lagu Rindu". Album punika angsal Platinum Awards ing taun 2006 lan angsal kanugrahan minangka Album Pendatang Baru Ngetop ing adicara SCTV Music Awards 2006.[2] Taun 2007, Kerispatih ngedalaken albumipun ingkang kaping kalih kanthi irah-irahan Kenyataan Perasaan, lan ngliris single ingkang kapisan ing album punika ingkang irah-irahanipun "Mengenangmu", lan dominasi tangga lagu Indonésia lan radio.[1] Sasampunipun ngliris "Mengenangmu" ingkang sukses, Kerispatih lajeng ngliris singel "Tapi Bukan Aku". Kerispatih ngliris album ingkang kaping tiga Sepanjang Usia.[1] Kerispatih ugi dherek ngregengaken ing album perdana Présidhèn Républik Indonésia kaping 6, Susilo Bambang Yudhoyono, kanthi nyanyi lagu ingkang dipunripta SBY kanthi irah-irahan Hening.[3]

Remove ads

Albums

  • Gulalikustik (2004)
  • Kejujuran Hati (2005)
  • Kenyataan Perasaan (2007)
  • Tak Lekang Oleh Waktu (2008)
  • Semua Tentang Cinta (2009)
  • Melekat di Jiwa (2011)
  • DELAPAN (Accoustic Version) (2015)

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads