Kimono

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kimono
Remove ads

Kimono (着物?) yaiku sandhangan tradhisional Jepang.[1] Kimono tegesé klambi utawa barang kang dianggo (ki tegesé anggo, lan mono tegesé barang).[1]

Thumb
Kimono kang dianggo nalika ngantenan diarani shiromuku
Thumb
Kimono gegambaran

Jaman saiki, kimono dhapuré kaya huruf "T", mirib mantel kang lengené dawa lan ana krahé.[1] Dawané kimono digawé nganti ing sikil pérangan ngisor.[1] Wong wadon kang nganggo kimono dhapuré klambiné yaiku klambi terusan, nanging wong lanang nggunakaké kimono kang dhapuré stelan.[1] Krah pérangan tengen kuduné ana ing ngisor krah pérangan tengen.[1] Sabuk kain kang diarani obi dianggo ing pérangan weteng utawa bangkékan lan ditaléni ing pérangan geger.[1] Nalika nganggo kimono uga kudu nganggo zōri utawa geta kanggo nutup tlapakan sikil.[1]

Kimono saiki luwih kerep dianggo wong wédok.[1] Kimono dianggo nalika ana acara-acara kang mirunggan.[1] Wong wadon kang durung kawin nganggo kimono kang diarani furisode.[1] Ciri khas furisode yaiku lengené kang amba meh tekan ngisor.[1] Wong wadon kang umuré wis 20 taun nganggo furisode kanggo nekani seijin shiki.[1] Wong lanang nganggo kimono ing riyaya nganténan, upacara ngombé teh, lan ing acara] formal liyané.[1] Nalika ing njaba panggonan sumo, pesumo kang profésional kudu nganggo kimono.[2] Bocah-bocah nganggo kimono nalika nekani acara karaméan Shichi-Go-San.[1] Saliyané iku kimono uga dianggo wong kang kerja ing babagan indhustri jasa lan pariwisata, pelayan wadon ing rumah makan tradhisional (ryōtei) lan pegawé panginepan tradhisional (ryokan).[2]

Remove ads

Aksésori lan pelengkap

Hakama yaiku clana dawa wong lanang kang digawé saka bahan kang wernané peteng.[1] Clana jinis iki asalé saka daratan Cina lan wiwit dikenal wiwit jaman Asuka.[1] Saliyané dianggo pandhita Shinto, hakama uga dianggo wong lanang lan wong wadon ing babagan ulah raga bela diri kaya ta kendo utawa kyudo.[1]
  • Geta
Geta yaiku sandhal kang ana haké.[1] Sandal iki digawé saka kayu.[1] Maiko nganggo geta kang hake dhuwur lan kandel kang diarani pokkuri.[1]
  • Kanzashi
Kanzashi yaiku rerenggan rambut kang dhapuré kaya tusuk konde kang dianggo ing rambut nalika nganggo kimono.[1]
Obi yaiku sabuk saka kain kang dililitaké ing awak kanggo ngencengaké kimomo.[1]
  • Tabi
Tabiyaiku kaos kaki dawané nganti tekan betis. Kaos kaki iki dianggo nalika nganggo sandhal.[1]
  • Waraji
Waraji yaiku sandhal kang digawé saka anyaman tali dami.[1]
  • Zōri
Zōri yaiku sandhal tradhisional kang digawé saka kain utawa anyaman.[1]
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads