Klanjer gondhok

From Wikipedia, the free encyclopedia

Klanjer gondhok
Remove ads

Klanjer gondhok utawa klanjer tiroid iku salah siji saka klanjer endokrin gedhé dhéwé ing awak manungsa. Klanjer iki bisa tinemu ing pérangan gulu. Klanjer iki fungsiné kanggo ngatur kacepetan awak ngobong ènèrgi, gawé protèin lan ngatur kasensitifan awak marang hormon liyané.

Sunyata Rikat Rincian, Arteri ...
Remove ads

Wigatiné dat yodhium

Ing tlatah tinentu ing donya kang kakurangan dat yodhium sajeroning bahan pangan (wigati kanggo prodhuksi thyroxine, kang ngandhut papat atom yodhium), klanjer tiroid bisa dadi gedhé, ngasilaké wabah gondhok utawa gulu kang abuh goitre.

Thyroxine iku wigati tumrap regulasi metabolisme lan pertumbuhan tumraping karajan kéwan. Ing antara kéwan ampibi, upamané, kanthi ngontrol dat kang ngeblok tiroid kaya propylthiouracil (PTU) bisa nyegah kecébong tuwuh dadi kodhok; suwaliké, kanthi nata thyroxine bakal nyepetaké metamorfosa dadi kodhok diwasa. Tumrap manungsa, bocah cilik kang lair kanthi kakurangan hormon tiroid bakal ngalami masalah pertumbuhan, uga tuwuhing utek bisa kaganggu, sajeroning kondhisi kang diarani cretinism.

Remove ads

Uga delengen

  • Lara gondhok

Pranala njaba

Katerangan liyané Anatomi ...


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads