Kebuk

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kebuk
Remove ads

Kebuk iku jeroan ing tatanan ambegan (respiration) kang uga nduweni kagunaan kanggo ngiderke getih ing kewan jejangkrongan (vertebrata). Gunané yaiku ngijolaké dat kecut (oxygen) saka udara karo karbon dioksida saka getih.

Thumb
Anatomi paru-paru: 1 = luchtpijp (trachea), 2 = rechter bronchus, 3 = linker bronchus, 4 = rechter long (pulmo dexter): bovenste (4a) middenste (4b) en onderste (4c) longlob, 5 = linker long (pulmo sinister): bovenste (5a) en onderste (5b) longlob, 6 = fissura obliqua, 7 = fissura horizontalis, 8 = arteria pulmonalis
Remove ads

Kebuk kewan nyusoni

Kebuké kewan nyusoni bentuké kaya gabus lan katutup déning epitelium, saéngga lumah totalé adoh luwih gedhé tinimbang lumah njaba kebuk iku dhéwé. Kebuk manungsa iku conto tipikal kebuk jinis iki.

Ambegan mligi diobahké déning otot diafragma ing ngisor. Yèn otot iki ngerut, ruwang kang nampung paru-paru bakal saya amba, lan semono uga sawaliké. Balung rusuk uga bisa nambah amba lan ngerut sithik. Akibaté, udara kaserot lumebu lan kesurung metu paru-paru liwat trakea lan tube bronkial utawa bronchi, kang cawang-cawang lan pucuké wujud alveoli, yaiku kanthong-kanthong cilik kang dikupengi kapilèr kang isiné getih. Ing kéné oksigèn saka udara ndhifusi ing getih, lan banjur digawa déning hemoglobin.

Getih angka deoksigenisasi saka jantung tekan paru-paru liwat arteri paru-paru lan, sawisé dioksigenisasi, ngedhar manèh liwat vena paru-paru.

Katerangan liyané Sistem ambegan - sunting ...


Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads