Komeng

juru banyol saka Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia

Komeng
Remove ads

Alfiansyah langkung misuwur kanthi asma Komeng; lair ing Jakarta, Indonesia, 25 Agustus 1970; umur 54 taun.[1] Komeng punika salah satunggaling pelawak Indonesia.[1] Komeng misuwur nalika dados presenter acara Spontan ingkang naté dipunbabaraken déning SCTV wiwit taun 1995.[2] Pelawak ingkang dipunidolakaken Komeng inggih punika Benyamin Sueb.[2] Komeng gadhah jargon komedi inggih punika Uhuiiii.....[1]

Sunyata Rikat Lair, Jeneng liya ...
Remove ads

Sadèrèngipun dados pelawak, Komeng punika dados penyiar Radio SK Jakarta nalika taun 1993 dumugi 1996 saha Bens Radio Jakarta nalika taun 1996.[1] Ngantos sapunika, Komeng ugi asring tampil wonten tivi dados presenter.[1] Komeng krama kaliyan tiyang èstri ingkang anami Aprilliana Indra Dewi.[1] Komeng sampun naté dados bintang wonten ing sinétron-sinétron komedi.[1] Sinetron komedi ingkang naté dipunbintangi Komeng inggih punika Kompor Diamor (TPI, 1991), Akal-Akalan (Indosiar, 1996), Otak-Otak Kuda (TPI 1996), Malioboro (TPI, 1996), Liliput (2001), Puteri Duyung (SCTV, 2001).[1]

Nalika pertengahan taun 2009, Komeng akting wonten ing salah satunggaling komédi situasi.[1] Acara komedi punika gadhah irah-irahan Kungfu Komeng.[1] Wonten ing acara punika, Komeng akting kaliyan Tessa Kaunang.[1] Komeng ugi dados bintang iklan prodhuk motor Yamaha.[1]

Komeng naté sekolah wonten ing SD dumugi SMA wonten ing kutha Jakarta. Komeng ugi naté kuliyah wonten ing Akademi Bank Indonesia nanging boten rampung.

Remove ads

Karir

Radio

  • Penyiar Radio SK Jakarta, 1993-1996
  • Penyiar Bens Radio Jakarta, 1996

Acara Televisi

Film

  • Anda Puas, Saya Loyo (2008)
  • Mau Dong Ah (2009)

Sinetron

  • Akal-akalan ing Indosiar, 1996
  • Otak-polo Kuda ing TPI, 1996
  • Malioboro ing TPI, 1996
  • Liliput, 2001
  • Puteri Duyung ing SCTV, 2001
  • James Bono ing TPI, 2001
Remove ads

Cathetan suku

Loading content...
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads