Kompetisi Jembatan Indonesia lan Kompetisi Bangunan Gedung Indonesia

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kompetisi Jembatan Indonesia lan Kompetisi Bangunan Gedung Indonesia
Remove ads

Kompetisi Kreteg Indonésia lan Kompetisi Wangunan Gedung Indonésia (dicekak KJI & KBGI) iku kompetisi sing ditindakaké kanthi paralel ing babagan désain utawa rancangan kreteg lan yasan gedung. Kompetisi sing dianakaké saben taun iki diiloni déning mahasiswa jurusan teknik sipil saka perguruan tinggi ing Indonésia. Ing taun 2013, KJI lan KBGI diadani ing Universitas Brawijaya Malang, wiwit tanggal 28 November nganti 3 Dhésèmber 2013.

Thumb
Kompetisi gawé kreteg
Barkas:Kompetisi wangunan.jpg
Kompetisi Wangunan Gedung
Remove ads

Panyarta Kompetisi

Éwadéné para peserta sing mèlu nganti babak final sing dianakaké ing Universitas Brawijaya ing taun 2013 ya iku[1] Institut Teknologi Sepuluh November (Kreteg waja, kreteg busur lan kreteg kayu), Politeknik Negeri Bandung (Kreteg waja, kreteg busur lan kreteg kayu), Politeknik Negeri Jakarta (Kreteg waja, kreteg busur lan kreteg kayu), Politeknik Negeri Malang (Kreteg baja), Universitas Brawijaya (Kreteg waja, kreteg busur lan kreteg kayu), Universitas Jenderal Ahmad Yani (Kreteg waja lan kreteg busur), Universitas Negeri Malang (Kreteg waja, kreteg busur lan kreteg kayu), Universitas Syiah Kuala (Kreteg waja), Institut Teknologi Bandung (Kreteg waja, kreteg busur lan kreteg kayu), Institut Teknologi Nasional Bandung (Kreteg busur), Universitas Indonésia (Kreteg busur lan kreteg kayu), Universitas Mataram (Kreteg kayu).

Tumrap Kompetisi Wangunan Gedung, sawatara perguruan tinggi tampil minangka finalis, ya iku Institut Teknologi Bandung, Politeknik Negeri Bandung, Politeknik Negeri Malang, Universitas Brawijaya, Universitas Indonésia, Universitas Jenderal Ahmad Yani, Universitas Mataram, Universitas Muhammadiyah Malang lan Universitas Negeri Malang[2].

Remove ads

Kompetisi sadurungé

Kompetisi KJI taun 2013 minangka kompetisi sing kaping sanga, déné KBGI sing kaping lima. Kompetisi taun-taun sadurungé ya iku:

  • KJI KBGI 2012 dianakaké ing ITS Surabaya (Juara Umum KJI VIII ya iku Universitas Brawijaya lan Juara Umum KBGI IV ya iku Poiliteknik Negeri Jakarta)[3]
  • KJI KBGI 2011 ing Universitas Indonésia
  • KJI KBGI 2010 ing Politeknik Negeri Jakarta
  • KJI KBGI 2009 ing Politeknik Negeri Jakarta (Juara Umum Politeknik Negeri Bandung)[4]
Remove ads

Pranala njaba

Réferènsi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads