Kwaci

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kwaci
Remove ads

Kwaci yaiku sawijining panganan kang digawé saka isi kembang srengéngé. Isi kasebut digaringakè ing panansing srengéngé banjur di oven supaya bisa krenyes-krenyes. Kwaci racaké kango nyamikan nalika ora ana pagaweyan. Ngoncèki kulit kwaci minangka pakaryan sing nyenengaké masiyo wosé ora nggawé wareg. Kwaci uga bisa kanggo pakan kèwan kaya ta hamster, manuk, luwak lan kèwan sing seneng mangan isi woh.

Sunyata Rikat Jinis, Ajangan ...
Remove ads

Piguna

Sakliyané dipangan mawa nyamikan, kwaci uga duwèni khasiyat sing becik tumrap kasarasan. Khasiyat kwaci kaya déné:

  1. Nyegah lara kanker
  2. Mudhunaké kolésterol
  3. Nyegah radhikal bebas
  4. Nyehataké balung
  5. Nggawé rasa pangrasa (mood) dadi seneng[1]
  6. Ngobati getih dhuwur (hipertènsi)
  7. Mudhunaké bobot awak
  8. Nyehataké kulit
  9. Bisa kanggo nyamikan wong lara dhiabètes[2]

Cara nggawé

Piranti:
  • Kembang srengéngé sing wis garing
  • Banyu
  • Uyah
Cara ngolah:
  1. Pesthèkaké kembang srengéngé sing wis garing.
  2. Sigar dadi loro banjur diprotholi isiné
  3. Lebokaké isi mau ing wadhah banjur dikumbah nganggo banyu resik.
  4. Lebokaké uyah ing banyu lan dikum sewengi wutuh
  5. Guwak banyu lan dèlèhké oven
  6. Panggang kurang luwih 20 menit banjur diangkat
  7. Tunggu nganti adhem lan kwaci bisa dipangan.[3]

Pranala njaba

Videyo prosés gawè kwaci

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads