Kutha Langsa

kutha ing Acèh, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia

Kutha Langsa
Remove ads

Kutha Langsa iku salah siji kutha ing Acèh, Indonésia. Kutha Langsa dumunung kurang luwih 400 km saka kutha Banda Acèh. Kutha Langsa sadurungé duwé status Kutha Administratif miturut Peraturan Pamaréntah Nomor 64 Tahun 1991 ngenani Pembentukan Kota Administratif Langsa. Kutha Administratif Langsa diangkat statusé dadi Kutha Langsa adhedhsar Undang-Undang Nomor 3 tanggal 21 Juni 2001. Ambal warsa Kutha Langsa dikukuhaké tanggal 17 Oktober 2001.

Sunyata Rikat

Kutha Langsa misuwur minangka kutha pendhidhikan, kutha dedagangan, kutha kulinèr/panganan, lan kutha wisata.

Anaa sawatara perguruan tinggi misuwur ing kutha iki, antarané; Universitas Samodra Langsa, STAIN Zawiyah Cot Kala, Kampus LP3I lan sawatara akademi wiwit saka babagan kebidanan lan keperawatan kaya déné Akademi Kebidanan Harapan Ibu, Akademi Kebidanan Bustanul Ulum, Akademi Keperawatan Yayasan Cut Nyak Dhien, Akademi Keperawatan UMMI, Akademi Keperawatan Depkes (Departemen Keséhatan), lan sapanunggalané.

Remove ads

Pratélan Kacamatan

  1. Langsa Kulon (14 désa/kalurahan)
  2. Langsa Kutha (13 désa/kalurahan)
  3. Langsa Barat (17 désa/kalurahan)
  4. Langsa Lama (?)
  5. Langsa Baroh (?)
  6. Langsa Wétan (25 désa/kalurahan)

Wates wewengkon

ing sisih lor karo:Selat Malaka
ing sisih kidul karo:Kacamatan Birem Bayeun, Kabupatèn Acèh Wétan
ing sisih kulon karo:Kacamatan Birem Bayeun, Kabupatèn Acèh Wétan
ing sisih wétan karo:Kacamatan Manyak Payed, Kabupatèn Acèh Tamiang

Réferènsi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads